Salat istikarah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Shalat Istikharah)
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Salat Istikharah yaiku salat sunat kang cacahé rong rakangat kang duwé mupangat utawa tumuju kanggo nyeyuwun ing Ngersané Allah kang Maha Agung lan Welas Asih kanggo nemtokaké pilihan kang luwih becik ing antarané loro pilihan kang durung cetha kasil katentukake apik lan alané.

Wektu Nindakake[besut | besut sumber]

Salat Istikarah lan salat Hajat wektuné luwih utama dilakoni kaya salat Tahajjud yaiku ing wayah wengi utawa telungprapaté wengi kurang luwih jam 12 nganti jam 3 wengi, uga digarap kaya salat lumrahé.

Niat Salat[besut | besut sumber]

Niat salat Istikharah semanauga padha karo niyat salat-salat kang liyané, yaiku diucapake déning ati utawa dibatin bisa uga diucapake kanthi lirih utawa alon.Pangucapan niyat salat kang banter utawa seru ora wangun manawa diucapake kanthi swara banter uga bisa nganggu umat muslim liyané ing sajeroning nglakoni salat.

Lafazh niyat:

USALLI SUNNATAL ISTIKHAARATI RAK'ATAINI LILLAAHI TA'AALAA.ALLAAHU AKBAR.
Artiné:Aku niyat salat sunat istikharah loro rakangat amarga Allah Ta'ala.Allahu Akbar.

Tata Cara[besut | besut sumber]

Salat istikharah uga bisa digarap rong rakangat utawa nganti rolas (12) rakangat kanthi enem salam. Sarampungé maca surat Al-Fatihah ing rakangat kapisanan banjur maca Surat Al-Kafirun kaping pisan.Banjur sapungkasane maca Al-Fatihah ing rakangat kang kaloro, maca sapisan Surah Al-Ikhlas sapisan. Uga ana wacanan surat kang liya, sapungkasané maca Al-Fatihah ing rakangat kang pisanan, maca ayat Al-Kursi kaping pitu.Banjur maca Al-Fatihah ing raka,at kaloro, maca Surat Al-Ikhlas (kaping sewelas.

Sawisé salam diterusake maca do'a salat istikharah nuwun patunjuk lan ngutarakake masalah kang diadepi. Ing kadis kang bahas babagan donga sakpungkasané salat istikharah saka Jabir r.a ngemukakake sajeroning donga mau uga katatar mengkene:

"Ya Allah, aku nuwun patunjuk kasaenan ing pangerapan ya Allah kanthi ngèlmu kang mupangat ing sajeroning ajaran Islam. Nuwun kakuatan kanthi kakuwatan ya Allah.Ya Allah, Ora ana kajaba Allah kang maha Agung lan ngerti sakabehané apa kang ana ing donya iki tabahana ing ngadepi masalah lan pinggirake kabèh masalahku lan kabèh maslaha kang diadepi umat muslim kang ana ing donya.Nanging ing masalah iki ala utawa ora becik ing awakku sumangga disumingkirake saka awakku lan agama Islam ku.Ing dalan panguripanku uga tetpake sira ing kabecikan ing ngendhi ana Ridha lan kabecikana iku. (HR Al Bukhari)

Réferènsi[besut | besut sumber]