Sextans
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 69 dinten 522 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| SEXTANS | |
|---|---|
Daftar lintang ing Sextans |
|
| Cekakan | Sex |
| Genitif | Sextantis, Sextansis |
| Asensio rekta | 10 |
| Deklinasi | 0 |
| Area | 314 derajad pesagi (#47th) |
| Lintang utama | 3 |
| Lintang Bayer/Flamsteed |
28 |
| Lintang mawa planèt |
5 |
| Lintang padhang | 0 |
| Lintang cedhak | 5 |
| Lintang paling padhang | α Sex (4.49m) |
| Lintang paling cedhak | LHS 292 ( tc) |
| Obyèk Messier | None |
| Udan météor | Sextantids |
| Rasi lintang sing wewatesan |
Leo Hydra Crater |
| Katon antara lintang +80° lan −90°. Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi April. ' |
|
Sextans inggih punika salah satunggaling rasi lintang minor ingkang dipuntepangaken sepisanan wonten ing taun 1687 déning Johannes Hevelius. Namanipun dipunpendhet saking basa Latin kanggé sextan, salah satunggaling instrumen ingkang asring dipunginakaken déning Hevelius nalika ngawontenaken observasi.[1] Rasi lintang punika mapan wonten ing dhaérah Equator ing langit caket kaliyan rasi lintang Leo lan Hydra.[2] Rasi lintang Sextans gadhah aréa ingkang ambanipun kirang langkung 314 drajat persegi lan ngewrat tigang lintang ingkang dipunmangertosi minangka planet - planet. Rasi lintang punika saged dipuntingali wonten ing latitude ing antawisipun +80° lan -80°lan paling sae dipuntingali wonten ing jam 9 dalu ing salebeting sasi April.
Lintang - lintang [sunting]
Sextans minangka salah satunggaling rasi lintang ingkang nutupi satunggaling dhaerah ingkang radi peteng ing langit. Piyambakipun namung gadhah setunggal lintangg ing sak nginggiling magnitudo kaping gangsal, ingkan dipunsebat α Sextantis, inggih punika wonten ing 4,49m. [3] Lintang punika inggih satunggaling lintang raksasa pethak ingkagn tebihipun saking bumi udakawis 287 taun cahya. Wonten ing purwakaning abad kaping 20, lintang punika nyebrang saking belahan bumi langit lor tumuju dahteng belahan langit kidul. [7892] gamma Sexantis inggih lintang ingkang padhang ingkang paling celak kanthi magnitudo kaping 12, ndamel lintang punika dados mlebet wonten ing sistem tigang lintang. Tebihipun lintang punika inggih kirang langkung 262 taun cahya saking bumi. [7892] beta Sextantis inggih punika lintang variabel ingkang kedheteksi gadhah werna biru - pethak ingakng tebihipun kirang langkung 345 taun cahya saking bumi. [7894] delta Sextantis inggih punika kurcaci biru pethak sanesipun ingkang tebihipun kirang langkung 300 taun cahya. [7895] epsilon Sextantis inggih punika raksasa jene- pethak ingkang tebihipun kirang langkung 183 taun cahya. Konstelasi sextans punika gadhah saperangan lintang gandha, kalebet ing lebetipun wonten γ Sextantis, 35 Sextantis, lan 40 Sextantis. Lan ugi wonten saperangan lintang variabel ingkang ugi narik kawigatosanipun para panaliti, kalebet β Sextantis, 25 Sextantis, 23 Sextantis, lan LHS 292. NGC 3115. Satunggaling galaksi lentikuler inggih punika bendha langit lebet ingkang paling narik kawigatosanipun para panaliti.[4]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ (en)Sextans (dipunundhuh tanggal 13 Pebruari 2013)
- ^ (en)Sex·tans (dipunundhuh tanggal 13 Pebruari 2013)
- ^ Star Tales – Sextans
- ^ The Deep Photographic Guide to the Constellations: Sextans