Sesebutan bangsawan Jawa

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Sesebutan utawa Gelar kebangsawanan ing Indonésia umumé dianugerahaké marang masyarakat kraton lan wong-wong sajabaning kraton sing dianggep nduwèni jasa utawa kabecikan marang kraton. Raja ing krajan Mataram biasané anduwèni luwih saka sikji garwa / selir (garwa ampéyan) lan siji garwa padmi / ratu / garwa padmi . Saka sawetara garwa iki raja kasebut matutaké putra kakung lan putri lan salah siji putra kakung bakal nerusaké kalenggané lan diparingi gelar putra mahkota. Sistem alih kakuwasan sing dpatrapaké biasané arupa primogenitur kakung (basa Inggris: male primogeniture) yakuwi putra kakung paling tuwa saka garwa padmi ana ing urutan paling dhuwur disusul déning putra kakung garwa padmi liyané lan sawisé kuwi putra kakung para selir.

Sesebutan ing lingkungan Kasunanan[sunting | sunting sumber]

Sesebutan sing dianggo ing Kasunanan Surakarta

  • Panguwasa Kasunanan: Sampeyan Dalem ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Prabu Sri Paku Buwana Senapati ing Alaga Ngabdulrahman Sayidin Panatagama Kaping ... (SISKS)
  • Garwa padmi Susuhunan Pakubuwana: Gusti Kanjeng Ratu (GKR), dengan urutan:
  1. Ratu Kilen (Ratu Barat)
  2. Ratu Wétan (Ratu Timur)
  • Selir Susuhunan Pakubuwana: Kanjeng Bendara Radèn Ayu (KBRAy), kanthi urutan:
  1. Bandara Radèn Ayu
  2. Radèn Ayu
  3. Radèn
  4. Mas Ayu
  5. Mas Ajeng
  6. Mbok Ajeng
  • Pewaris tahta Kasunanan (putra mahkota): Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anum Amangku Negara Sudibya Rajaputra Nalendra ing Mataram.
  • Putra kakung saliyané putra mahkota saka garwa padmi nalika isih timur: Radèn Mas Gusti (RMG)
  • Putra kakung saliyané putra mahkota saka garwa padmi nalika wis diwasa: Kanjeng Gusti Pangeran (KGP), kanthi urutan:
  1. Mangku Bumi
  2. Bumi Nata
  3. Purbaya
  4. Puger
  • Putra kakung saka selir nalika isih timur: Bendara Radèn Mas (BRM)
  • Putra kakung saka selir nalika wis diwasa: Bendara Kanjeng Pangeran (BKP)
  • Putu kakung saka garis pria: Bendara Radèn Mas (BRM)
  • Cicit kakung lan keturunan kakung liya saka garis pria: Radèn Mas (RM)
  • Putri saka garwa padmi nalika duruh krama: Gusti Radèn Ajeng (GRA)
  • Putri saka garwa padmi nalika wis krama: Gusti Radèn Ayu (GRAy)
  • Putri tertua saka garwa padmi nalika wis diwasa: Gusti Kanjeng Ratu (GKR), kanthi urutan:
  1. Sekar-Kedhaton.
  2. Pembayun.
  3. Maduratna.
  4. Bendara.
  5. Anggr.
  6. Timur.
  • Putri saka selir nalika durung dinikahaké: Bendara Radèn Ajeng (BRA)
  • Putri saka selir nalika wis dinikahaké: Bendara Radèn Ayu (BRAy)
  • Putri paling tuwa saka selir nalika wis diwasa: Ratu Alit
  • Putu wanita lan katurunan wanita liya saka garis pria, sadurungé krama: Radèn Ajeng (RA)
  • Putu wanita lan katurunan wanita liya saka garis pria, sawisé dinikahaké: Radèn Ayu (RAy)

Sesebutan ing lingkungan Kasultanan[sunting | sunting sumber]

Sesebutan sing dianggo ing Kasultanan Yogyakarta

  • Panguwasa Kasultanan: Sampeyan Dalem ingkang Sinuhun Kanjeng Sri Sultan Hamengku Buwana Senapati ing Alaga Ngabdurrokhman Sayidin Panatagama Khalifatullah ingkang Jumeneng Kaping ... (sing werdiné pamimpin sing nguasani donya, komandan ageng, pelayan Tuhan, Tuan sakabèhing wong sing percaya)
  • Garwa padmi Sultan Hamengkubuwana: Gusti Kanjeng Ratu (GKR)
  • Selir Sultan Hamengkubuwana: Kanjeng Bendara Radèn Ayu (KBRAy)
  • Pewaris tahta Kesultanan (putra mahkota): Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anum Amangku Negara Sudibya Rajaputra Nalendra ing Mataram
  • Putra kakung saliyané putra mahkota saka garwa padmi nalika isih timur: Gusti Radèn Mas (GRM)
  • Putra kakung saliyané putra mahkota saka garwa padmi nalika wis diwasa: Gusti Bendara Pangeran Harya (GBPH)
  • Putra kakung saka selir nalika isih timur: Bendara Radèn Mas (BRM)
  • Putra kakung saka selir nalika wis diwasa: Bendara Pangeran Harya (BPH)
  • Putu kakung dan keturunan kakung liya saka garis pria: Radèn Mas (RM)
  • Putri saka garwa padmi nalika durung dinikahaké: Gusti Radèn Ajeng (GRA)
  • Putri saka garwa padmi nalika wis dinikahaké: Gusti Radèn Ayu (GRAy)
  • Putri tertua saka garwa padmi nalika wis diwasa: Gusti Kanjeng Ratu (GKR)
  • Putri saka selir nalika durung dinikahaké: Bendara Radèn Ajeng (BRA)
  • Putri saka selir nalika wis dinikahaké: Bendara Radèn Ayu (BRAy)
  • Putu wanita dan keturunan wanita liya saka garis pria, sadurungé krama: Radèn Ajeng (RA)
  • Putu wanita dan keturunan wanita liya saka garis pria, sawisé dinikahaké: Radèn Ayu (RAy)

Sesebutan ing lingkungan Paku Alaman[sunting | sunting sumber]

Sesebutan sing dianggo ing Kadipaten Paku Alaman ing Yogyakarta

  • Panguwasa Paku Alaman: Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Harya Raja Paku Alam Kaping ...
  • Garwa padmi Raja Paku Alam: Kanjeng Bendara Radèn Ayu (KBRAy)
  • Selir Raja Paku Alam: Bendara Radèn Ayu (BRAy) utawa Radèn Ayu (RAy)
  • Pewaris tahta Paku Alaman (putra mahkota): Bandara Pangeran Harya Suryadilaga
  • Putra kakung saliyané putra mahkota saka garwa padmi nalika isih timur: Gusti Bendara Radèn Mas (GBRM)
  • Putra kakung saliyané putra mahkota saka garwa padmi nalika wis diwasa: Kanjeng Pangeran Harya (KPH)
  • Putra kakung saka selir nalika isih timur: Radèn Mas (RM)
  • Putra kakung saka selir nalika wis diwasa: Bendara Radèn Harya (BRH)
  • Putu kakung dan keturunan kakung sampai generasi ketiga saka garis pria: Radèn Mas (RM)
  • Keturunan kakung setelah generasi keempat liya saka garis pria: Radèn
  • Putri saka garwa padmi nalika durung dinikahaké: Gusti Bendara Radèn Ajeng (GBRA)
  • Putri saka garwa padmi nalika wis dinikahaké: Gusti Bendara Radèn Ayu (GBRAy)
  • Putri saka selir nalika durung dinikahaké: Bendara Radèn Ajeng (BRA)
  • Putri saka selir nalika wis dinikahaké: Bendara Radèn Ayu (BRAy)
  • Putu wanita lan keturunan wanita liya saka garis pria, sadurungé krama: Radèn Ajeng (RA)
  • Putu wanita lan keturunan wanita liya saka garis pria, sawisé dinikahaké: Radèn Ayu (RAy)

Sesebutan ing lingkungan Mangkunagaran[sunting | sunting sumber]

Sesebutan sing dianggo ing Praja Mangkunagaran ing Surakarta

  • Panguwasa Mangkunagaran: Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Harya Mangku Negara Senapati ing Ayuda Kaping ... (KGPAA)
  • Garwa padmi Raja Mangkunagara: Kanjeng Bendara Radèn Ayu (KBRAy)
  • Selir Raja Paku Mangkunagara: Bendara Radèn Ayu (BRAy) utawa Radèn Ayu (RAy)
  • Pewaris tahta Mangkunagaran (putra mahkota): Pangeran Adipati Harya Prabu Prangwadana
  • Putra kakung saliyané putra mahkota saka garwa padmi: Gusti Radèn Mas (GRM)
  • Putra kakung saka selir: Bendara Radèn Mas (RM)
  • Putu kakung lan keturunan kakung nganti generasi katelu saka garis pria: Radèn Mas (RM)
  • Keturunan kakung sawisé generasi kapapat liya saka garis pria: Radèn
  • Putri saka garwa padmi nalika durung dinikahaké: Gusti Radèn Ajeng (GRA)
  • Putri saka garwa padmi nalika wis dinikahaké: Gusti Radèn Ayu (GRAy)
  • Putri saka selir nalika durung dinikahaké: Bendara Radèn Ajeng (BRA)
  • Putri saka selir nalika wis dinikahaké: Bendara Radèn Ayu (BRAy)
  • Putu wanita lan keturunan wanita liya saka garis pria, sadurungé krama: Radèn Ajeng (RA)
  • Putu wanita lan keturunan wanita liya saka garis pria, sawisé dinikahaké: Radèn Ayu (RAy)

Sesebutan liya[sunting | sunting sumber]

Saliyané sesebutan kasebut, ing lingkungan kraton kerep uga ditemokaké sebutan khusus kaya:

  • Sekarkedhaton (kanggo nyebut putri sulung garwa padmi)
  • Sekartaji (tumrap putri kaloro)
  • Candrakirana (tumrap putri katelu)
  • Putra paling tuwa saka kabèh Garwa Ampeyan nduwèni gelar Bendara Radèn Mas Gusti lan bakal owah dadi Gusti Pangeran sawisé diangkat dadi pangèran.Déné putri paling tuwa saka kabèh Garwa Ampeyan anduwèni gelar Bendara Radèn Ajeng Gusti lan bakal owah dadi Pembayun sawisé krama. Khusus kanggo putri sulung (paling tuwa) saka Garwa Ampéyan antuk gelar Kanjeng Ratu.
  • Kanjeng Radèn Ayu (KRA)
  • Kanjeng Radèn Tumenggung Harya (KRTH)
  • Mas Radèn Tumenggung (MRT)
  • Kanjeng Radèn Tumenggung (KRT)
  • Kanjeng Radèn Ayu (KRAy)
  • Radèn Mas Tumenggung (RMT)
  • Radèn Ngantèn (RNg)
  • Mas Ngabéi (MNg)
  • Kanjeng Pangéran (KP)

Sesebutan Krajan Kubu[sunting | sunting sumber]

  • Putra Mahkota/Pangèran :

Syarif (utawa Sayyid) (asama pribadi) ibni al-Marhum Syarif (utawa Sayyid) (asma ramané) Al-Idrus (asma marga/kulawarga), Tuan Besar Kubu (asliné: Yang di-Pertuan Besar).

  • Anggota lanang kulawarga Kasultanan sing liya, katurunan saka garis Bapak:

Syarif (utawa Sayyid) (asma pribadi) ibni Syarif (utawa Sayyid) (asma ramané) Al-Idrus (asma marga/kulawarga).

  • Anggota wanita kulawarga Kesultanan, keturunan saka garis bapak:

Syarifah (asma pribadi) binti Syarif (utawa Sayyid) (asma ramané) Al-Idrus (asma marga/kulawarga).

Rujukan[sunting | sunting sumber]

Deleng uga[sunting | sunting sumber]

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]