Seroja

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kembang Seroja
Nelumbo nucifera
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
divisio: Magnoliophyta
kelas: Magnoliopsida
ordo: Proteales
kulawarga: Nelumbonaceae
Genus: Nelumbo
Species: N. nucifera
Jeneng binomial
Nelumbo nucifera
Gaertn.

'Seroja, lotus utawi padma ( nelumbo nucifera sp ) menika satunggaling tuwuhan ingkang wonten ing toya saking genus Nelumbo asalipun saking India [1]. Wonten ing Indonesia taneman menika asring dipunsebut kembang teratai (Nymphaea). Ananging sejatosipun kembang kalih menika boten satunggal kerabat. Kembang seroja kagungan gagang kembang tegak boten kados kembang teratai ingkang kemampul ing toya.

Gagangipun awujud tabung kosong minangka dalan lewat udara. Godhongipun ing permukaan toya, medal saking gagang ingkang asalipun saking rimpang ing lupmpur dhasaring kolam, kali, utawi rawa. Kembang seroja menika kagungan diameter dumugi 20 cm kanthi warna putih, kuning, utawi jambon. Kembang menika mekrok nalika wulan Juli lan Agustus.

Sejarah[sunting | sunting sumber]

Kembang seroja kagungan sejarah ingkang dawa. paling boten adhedhasar cathetan sejarah peradapan Mesir kuno sampun dados hiasan. Kathah kuil - kuil tilaran saking faraoh kanthi motif kembang seroja. Déning para penyadé-penyadé, kembang seroja lajeng dipunbeta dhateng Assiria lan nyebar dhateng Persia, India, lan China, ngantos dumugi ing Indonesia [2].

Wonten ing India lan China kembang seroja dipunanggep taneman ingkang suci. Bangsa Eropa tepang kaliyan Seroja saksampunipun dipunbeta lajeng mlebet rumah kaca ing kebun raya nalika taun 1787 [2].

Manfaat[sunting | sunting sumber]

Kala rumiyin tiyang Jepang, India lan China damel taneman seroja dados bahan panganan kanthi manéka warni masakan lan ombèn-ombènan. Amargi raosipun ingkang écho kanthi kandhutan karbohidrat ingkang saé kanggé awak. Wijining seroja ingkang tasih enèm saged dipundamel sup kejawi meika saged ugi dados sesulihipun teh [2].

Rimpang taneman seroja ugi ngandhut endog cacing trematoda ingkang saged gesang wonten ing awaking manungsa. Dados rimpang mentah ingkang dipundhahar saged dados sumber nularing parasit treamtoda. Godhongipun ingkang wiyar saged kanggé pembungkus [2].

Taneman seroja ingkang kathah kandhutan karbohidrat ugi sampun kalirik minangka salah satunggaling bahan tambahan wonten ing obat, mliginipun saksampunipun dados glepung. Béda kaliyan glepung beras lan glepung kanji ingkang sakmenika dados bahan pengikat wonten ing proses ekstrasi obat, taneman seroja langkung garing lan ènthèng saéngga boten paring bobot ingkang kathah nalika proses pengkapsulan[2].

Nandur Kembang Seroja[sunting | sunting sumber]

Kembang seroja menika berkembang biak saking wiji ingkang sampun tuwa. Kanggé nandur, kulit njawi ingkang atos kedah dipunkikir supados langkung kasar. Proses menika kanthi ancas supados toya saged mlebet wonten ing wijinipun kanthi gampil saéngga wijinipun saged medalaken tunas. Saksampunipun menika wijinipun kedah dipun-rendhem wonten ing toya kanthi suhu 27 derajat Celcius lan 28 derajat Celcius. Wijinipun mesthi dados langkung ageng. Menawi sampun kados mekaten wiji bakal dados kecambah lan wiwit medal tunas lan godhongipun. Lajeng dipunpindhah dhateng papan ingkang awujud lumpur kanthi dhuwuring toya kirang langkung 30 cm. Menawi dipunrawat kanthi saé, kembang seroja saged tuwuh kanthi saé ugi[2].

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ [1], (id) http://balifotografer.net (dipun-akses tanggal 24 November 2012).
  2. ^ a b c d e f [2], (id) http://www.anneahira.com (dipun-akses tanggal 24 November 2012).
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Seroja&oldid=835378"