Seni Ukir

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Seni ukir (seni tatah) saka watu

Seni Ukir utawa Seni Tatah yaiku cabang karya seni rupa kang kagolong seni terapan uga ngandut biji kaéndahan utawa nyenengaké sarta cara nggawéné nganggo piranti tatah lan palu. Seni ukir bisa digolongaké ing sakjroning seni terapan ing seni rupa karana seni ukir asring dibutuhaké sakjroning panguripan ing masarakat sakdina-dina. Sarta ukiran ing wujud piranti terapan kanggo ngéndahaké saéngga nyenengaké.

Asil saka seni ukir diarani ukiran. Seni ukir kang migunakaké tatah kanggo perabot saka kayu kayata lemari, kursi, méja, bufèt, ranjam, lan barang-barang kabutuan omah liyané, bisa mbentuk ukiran kang apik.

Kutha kang misuwur ukirané yaiku Kabupatèn Jepara kang dadi julukan kutha ukir.

Sajarah ing Indonésia[sunting | sunting sumber]

Seni ukir awal mulané ana ing Indonésia kanggo ngèndahake omah utawa bangunan kayata lawang, cendela, gebyok utawa bagean salah sijiné kang ana ing omah.Seni ukir uga ana ing sakjroning perahu, perisai, lan wujud liyané kang bisa diukir utawa dihiasi karo ukiran.Bangsa Hindu ing Indonésia, lan ing mangsa bangsa kahanan panguripan isih primitip, wiwit kuwi bangsa Indonésia ngenal ukiran lan wis pinter ngukir ana ing kayu, watu, wesi lan waja. Corak ukir primitip bisa ditemukake ing piranti-piranti kang dimumpanggatake kanggo upacara-upacara adat.Kahanan kaya mengkana kawujud ana ing dhaerah Sumatra Kulon lan Toraja kang dihiasi warna-warna seni ukir.Ing Irian Jaya ngiasi omah karo ukiran tembus karo motif manungsa lan kèwan kang dilambangake lan dianggep leluhur (nenek moyang).Wujud perahu kang ana ing Bugis, Madura, lan Lombok asring dihiasi karo ukiran kang ngambarake panguripan ana ing segara. Ing Jawa lan Ing Bali bisa uga ditemukake oamah utawa piranti (alat) kang dihiasi karo ukiran-ukiran.

Sakjrojing bangsa Hindu teko ing Indonésia ing abad I, seni ukir Indonésia kang utama seni ukir ing jawa ndadekake pangembangan karana anané pengaruh kang anané corak ukir Hindu.Mangsa misuwur seni ukir ing Indonésia kurang luwih wiwit abad X (sepuloh) yaiku mangsa misuwuré raja-raja Hindu-Budha kang ana ing Jawa Tengah.Ukiran ing mangsa abad X bisa digolongake ing seni ukir kuno (klasik) kang bisa dibuktekake anané bangunan candi ing Jawa Tengah kayata andi Borobudur lan candi Lara Jonggrang.

Seni ukir kuno utawa seni ukir klasik Indonésia kasebut bisa ndadekake panutan perkembangan seni ukir ing mangsa-mangsa sakbanjuré.Ing jawa kang didadekake pusat kerajaan Hindu kang akhire ing kerajaan Majapahit kang dumunung ana ing dhaerah Jawa Wetan kang munculake gaya seni ukir Pajajaran , Cirebon , Mataram, Surakarta, Jepara lan Majapahit.Seni ukir kang ana ing kerajaan Jawa Wetan ing abad XVI bisa munculake tandha-tandha kayata seni ukir kang nganggo corak dekoratif.Ana uga dhaerah-dhaerah kang ura kena pengaruhé corak ukir Hindu kaya dhaerah Toraja, Bugis, lan Iriankang nahanake wujud dhaerah kang asli kang relegius magis lan kanthi wujud ekspresip.

Jinising[sunting | sunting sumber]

Jenising seni ukir kang dikasilake ing para seniman utawa pangrajin kapengkar ana enem macem:

  • Ukir ngisor bas relief:Kasebut ukir ngisor karana gambarkang timbul kurang saka separo utawa setengah sak wujud asliné kang utuh.
    • Tuladha:Ukir gaya Bali, ing seniman ukir kang ana ing Bali misuwur ngukir ana ing gembyok-gebyok utawa tembok-tembok pura
  • Ukir sedeng mezzo relief:Kasebut ukir sedeng karana gambar kang timbul ing wujud ukiran bisa separo saka wujud asliné
  • Ukir dhuwur haut relief:kasebut ukir dhuwur karana gambar kang ana utawa kang timbul luwih saka separo/setengah saka wujud gambar asliné
  • Ukir cekung utawa ukir keleb encreux relief yaiku ukiran kang cekung karana gambar keleb saka ngisoré saka dumung dasaré
  • Ukir tembus utawa ukir krawangan ayour relief yaiku ukiran kan gambaré nembus ing dasaré, sahingga wujudé krawang-krawang (bolong-bolong).
  • Ukir tumpang yaiku ukir kang gambaré tenumpang ing dasaré bidang.Ukir tumpang wujudé memper kaya karya relief patung karana utoh persis kaya patung.
    • Tuladha relief Kamadhatu kang ana ing suku candi Borobudur.

Piranti[sunting | sunting sumber]

  • Tatah/Pahat
    • Tatah kuku yaiku tatah kang matané mlèngkung kayata wujud kuku manungsa.Cacahé tatah iki ana 20 iji, kanthi ukuran ombo tatah ± 3 cm.Tatah kuku dimumpangatake kanggo mbentuk ukirang kang mlèngkung, bundèr lan lonjong.
    • Tatah nyilat yaiku tatah kang wujud matané kenceng, kayata tatah tukang kayu biasa.Cacahé 10 iji kanthi ukuran ombané tatah 3 mm nganthi ± 3cm.Tatah nyilat mumpangate kanggo mbentu utawa nanatah wujud kang lurus kayata garis, wajik, lan kotak
  • Tatah kol,ana loro jinising
    • Tatah kol rata, yaiku tatah kol kang dasaré mata tatah kol lurus, kathi gègèré tatah kol awujud cekung.
    • Tatah kol suru, tatah kol kang dasarané cekung kayata suru, lan gègèré cekung.Tatah kol cacahé ana 4 nganthi 10 iji kanyhi ukuran cilik lan gedhe, omboné tatah ± 0,5-3cm.
  • Tatah pangot, yaiku tatah kang asebut mata dasarané kanthi wujudé miring, Cacahé loro.Tatah pangot mumpangate kanggo nyampurnakake wujud-wujud ukiran, sahingga rajin lan bagus.
  • Tatah Coret, yaiku kang mata dasare lancip kaya hurup v mumpangate kanggo maringi alur pecahan ana ukiran


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Seni_Ukir&oldid=833796"