Semen Padang (perusahaan)
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 69 dinten 1199 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Jenis | Persero |
|---|---|
| Didirikan | 18 Maret 1910 |
| Kantor pusat | Padang, Indonesia |
| Tokoh penting | Ir.Munadi Arifin (Direktur Utama) |
| Produk | Semen |
| Produksi | 5.240.000 ton/tahun |
| Induk | Semen Indonesia |
| Situs web | semenpadang.co.id |
PT Semen Padang yaiku produsen semen paling tuwa ing Indonesia kang didegaké nalika 18 Maret 1910 kanti jeneng NV Nederlandsche Indische Portland Cement Maastschappij utawa NIPCM.[1]
Bab lan Paragraf |
Sejarah [sunting]
PT Semen Padang (Perusahaan) didegaké nalika tanggal 18 Maret 1910 kanti jeneng NV Nederlandsch Indische Portland Cement Maatschappij (NV NIPCM) kang arupa pabrik semen pertama ing Indonesia. Banjur nalika tanggal 5 Juli 1958, perusahaan dinasionalisasi dening pemerintah Republik Indonesia saka pemerintah Belanda. Sakwéné periode iki, perusahaan ngalami proses kebangkitan manèh liwat rehabilitasi lan pengembangan kapasitas pabrik Indarung I dadi 330.000 ton/ tahun. Seterusè pabrik nglakokakè transformasi pengembangan kapasitas pabrik saka teknologi proses teles dadi proses garing kanti dibanguné pabrik Indarung II, III, lan IV.
Nalika tahun 1995, pemerintah ngalihaké kepemilikan sahamé ing PT Semen Padang marang Semen Gresik bebarengan karo pengembangan pabrik Indarung V. Wektu iku pemegang saham perusahaan yaiku PT Semen Gresik Tbk kanti kepemilikan saham 99,99% lan Koperasi Keluarga Besar Semen Padang kanti saham kang gedhéné 0,01 %.[2]
Produksi [sunting]
Kapasitas pabrik [sunting]
Total kapasitas produksi PT Semen Padang yaiku 5.240.000 ton/tahun kanti rincian kaya mengkéné:
- Pabrik indarung II = 660.000 ton / tahun (Proses Garing)
- Pabrik indarung III = 660.000 ton / tahun (Proses Garing)
- Pabrik indarung IV = 1.620.000 ton / tahun (Proses Garing)
- Pabrik indarung V = 2.300.000 ton / tahun (Proses Garing)
Pabrik indarung I dinonaktifkan awit wulan oktober 1999, kanti pertimbangan efisiensi lan polusi, amerga pabrik kang didegaké nalika tanggal 18 maret 1910 iki kanti proses teles.
Bahan mentah [sunting]
Bahan mentah kang digunakaké sajroné panggawéyan semen yaiku watu kapur, watu silika, lemah lempung lan pasir wesi. Saka total kebutuhan bahan mentah, watu kapur kang deposité ana ing gumuk karang putih (± 2 km saka pabrik) digunakaké kang akèhé 81 %. Watu silika kang deposité asalé saka bukit ngalau (± 1,5 km saka pabrik) digunakaké kang akéhé ± 9 % lan lan lemah lempung diéntuki ing sekitar Kecamatan Kuranji, Kota Padang digunakaké kang jumlahé ± 9%. Wondéné kebutuhan pasir wesi ± 1 % ditekokaké saka Cilacap. Nalika penggilingan akhir ditambahaké gypsum 3-5 % kang ditekokaké saka Thailand. Gypsum alam lan gypsum sintetis saka PT Petro Kimia Gresik.
Proses produksi [sunting]
Sacara garis besar prsoes produksi semen liwati 5 tahapan, yaiku :
- Penambangan lan penyimpanan bahan mentah.
- Penggilingan lan pencampuran bahan mentah
- Homogenisasi asil penggilingan bahan mentah
- Pangobongan
- Penggilingan akhir asil pangobongan
Sajroné Proses garing, penggilingan bahan ing Raw Mill hawa panas dialiraké saka tanur putar (Kiln) sahii ngga dihasilaké Raw Mix kanti kandungan banyu <1% Sakwise ngliwati proses homogenisasi, Raw Mix dibakar ing Tanur putar (kiln) kantbahan bakar batu bara. Asil pembakaran yaiku arupa bunderan ireng kang disebut terak/klinker.
Profil produk [sunting]
- Semen Portland Type I
- Dienggo kanggo keperluan konstruksi umum kang ora gunakake persyaratan khusus tuprab panas hidrasi lan kekuwatan tekan awal. Cocok dienggo ing lemah lan banyu kang ngandung sulfat 0,0% - 0,10 % lan isa digunakake kanggo bangunan omah pemukiman, gedung-gedung tingkat, lan liya-liyane.
- Semen Portland Type II
- Dienggo kanggo konstruksi bangunan saka beton massa kang merlokake ketahanan sulfat (ing lokasi lemah lan banyu kang ngandung sulfat antarane 0,10 - 0,20 %) lan panas hidrasi sedeng, misale bangunan ing pinggir segara, bangunan ing bekas lemah rawa, saluran irigasi, beton massa kanggo dam-dam lan bantalan kreteg.
- Semen Portland Type III
- Dienggo kanggo konstruksi bangunan kang merlokake kekuatan tekan awal duwur ing fase permulaan sakwise pengikatan kedadeyan, misale kanggo panggaweyan dalan beton, bangunan-bangunan tingkat duwur, bangunan-bangunan ing jero banyu kang ora merlokake ketahanan tumprab serangan sulfat.
Cathetan Sikil [sunting]
- ^ http://www.semenpadang.co.id/?mod=profil&kat=&id=1, (Kaunduh 4/2/13).
- ^ http://www.bumn.go.id/semengresik/tentang-kami/tentang-perusahaan/, (Kaunduh 4/2/13).