Sekretaris
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Sekretaris inggih punika saking tembung secretum (basa Latin) kang ateges wados.
Bab lan Paragraf |
Jinis Sekretaris [sunting]
Sekretaris saged dipunbentenaken dados 2 inggih punika:
- Sekretaris Pribadhi, inggih punika sekretaris kang gadhahi tugas biyantu pimpinan lan mboten gadhah anak buah. Tuladha: Sekretaris Direktur.Sekretaris Manajer, Sekretaris Rektor, Sekretaris Menteri.
- Sekretaris Umum, inggih punika sekretaris kang gadhahi tugas biyantu instansi utawi organisasi, kan gadhahi anak buah. Tuladha: Sekretaris Wilayah, Sekertaris Negara, Sekretaris Direktorat Jendral.
- Sekretaris kados gadhahi kaprigelan kangge ngerjaaken tugas-tugas ing kantor, tuladhanipun damel surat, nelefon, ngetik, lan saged ngoperasiake komputer, kearsipan, lan sapanunggalipun.[1]
Fungsi saking sekretaris [sunting]
Sekretaris gadhahi fungsi inggih punika:
- Damel rencana lan ngolah bahan kangge ngrumusaken kebijakan kang wonten hubunganipun kalih umum lan damel rencana, kepegawean kalih keartaan dinas.
- Ngelaksanaaken menehi fasilitas lan dukungan nglayani teknis admistrasi ing lingkup dinas.
- Ngelaksanaaken tugas damel surat, naskah dinas, kearsipan.
- Lan sapanuggale.[2]
Tugas Saking Sekretaris [sunting]
Tugas sekretaris saged dipunbentenaken dados 3 inggih punika:
- Tugas Rutin
Tugas kang dikerjaake saben dinten, senajan mboten wonten perintah kusus saking pimpinan. Tuladha, ngetik, nelfon, ntrima tamu, lan kearsipan.
- Tugas Khusus
Tugas punika mbetahaken perintah kusus saking pimpinan utawi mbutuhake pertimbangan lan pengalaman kang digadhahi sekretaris. Tuladha, damel prejanjen ngirim faksimil, lan sapanunggalipun.
- Tugas Kreatif
Tugas punika asifat inisiatif utawi pamikiran sekretaris piyambak, kangge biyantu pimpinan. Tuladha, nata papan kantor, ngintunaken tandha slamet. [3]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ (id)id.shvoong.com(dipunitngali tanggal 8 Agustus 2011)
- ^ (id)www.dinkes-kabtangerang.go.id(dipuntingali tanggal 8Agustus 2011)
- ^ (id)id.shvoong.com(dipunitngali tanggal 8 Agustus 2011)