Segara Jawa

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Segara Jawa iku segara cethèk sing ambané kira-kira 310.000 km2 ing antarané pulo Kalimantan, Jawa, Sumatra, lan Sulawesi ing gugusan kapuloan Nuswantara. Segara ini kabentuk ing jaman ès sing pungkasan, yaiku nalika rong sistèm kali manunggal. Ing sisih lor-kulon, Selat Karimata nggandhèngaké karo Segara Cina Kidul. Ing sisih kidul-kulon, segara iki kagandhèng karo Samodra Hindhia déning selat Sundha. Nalika jaman mbiyèn, selat Karimata lan Segara Jawa uga ditepungi mawa jeneng Segara Sundha.

Sèktor pangiwakan iku aktivitas ékonomi wigati ing Segara Jawa. Ana luwih saka 3.000 spesies bahari ing tlatah kéné.

Tlatah saubengi Segara Jawa iku tlatah tujuan turis sing populèr. Selam scuba mènèhi kasempatan kanggo njlajah lan fotografi guwa-guwa ngisor segara, baita klelep, trumbu karang, lan kauripan ngisor segara. Sawetara taman nasional ana ing tlatah iki. Ana Taman Nasional Ujung Kulon ing Banten kidul lan Kapuloan Karimun Jawa saloring Semarang. Pulo Menjangan cedhak Bali uga sawijining taman nasional.

Ing sajarah Perang Donya II, Segara Jawa dadi lokasi naas kanggo pasukan Sekutu. Ing sasi Februari lan Maret 1942, angkatan Laut Walanda, Britania, Australia, lan AS mèh digempur entèk déning serangan Jepang.

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Segara_Jawa"