Sega campur
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Sega campur Bali |
|
| Informasi | |
|---|---|
| Asal | Indonésia |
| Dhaérah | Jawa |
| Penyajian lan bahan | |
| Bahan | sega, janganan lan lawuh |
Sega campur iku masakan khas Indonésia.[1] Panganan iki dumado saka sega putih sing dihidangaké nganggo werna-werna lawuh. Lawuh sing digunakaké yaiku sambel gorèng, abon, srundèng, tahu gorèng, iwak gorèng, endhog lan sapanunggalané. Gumantung saka warung utawa rèstoran sing nyadiakaké sega campur bisa nduwèni variasi werna-werna. Masakan iki uga kerep didol bungkus kertas utawa godhong gedhang.
Ing tanah Jawa, sega campur digawe saka campuran janganan kayadene rajangan kul, kecambah, tahu kang wis didang, rajangan goreng, sambel kacang, lan didhahar nganggo sega. Ben luwih enak, sega campur diwenehi brambang goreng lan kecap.
Catatan sikil [sunting]
- ^ (id)Erwin, Lily T (2010). Nasi campur populer untuk jualan. Gramedia Pustaka Utama. ISBN 978-979-22-5402-0. http://www.gramediashop.com/book/detail/9789792254020/Nasi-Campur-Populer-untuk-Jualan.