Sega Ulam
Sega ulam yaiku sega campur khas Betawi kang digawé saka sega putih dicampur srundhèng lan bumbu rempah manéka warna. Masakan iki wiwitané didol dening wong-wong peranakan Indonesia-Tionghoa.[1] [2] Ing jaman biyen, bakul nasi ulam dodolan nganggo grobag saka Tangerang tekan Glodok.[2] Sejatiné, nasi ulam iku meh padha karo nasi uduk. Kekaroné mujudaké sega gurih. Bedhané yaiku nasi uduk dimasak nganggo santen, déné nasi ulam dicampur karo srundhèng. Nasi ulam padatan disuguhaké mawa rong cara yaiku garing lan nyemek. Nasi ulam nyemek iku nganggo duduh semur. Lawuh kang kudu ana ing nasi ulam teles yaiku mihun gorèng, irisan endhog dadar, srundhèng, remekan kacang brol, diwènehi duduh semur tahu lan kenthang. Saliyanè iku, nasi ulam nyemek diwènèhi kemangi lan krupuk. Nasi ulam liyané yaiku nasi ulam garing. Bedha saka nasi ulam nyemek, nasi ulam garing ora nganggo duduh semur.
Cathetan sikil [sunting]
- ^ (id)Resep Nasi Ulam
- ^ a b (id)Nasi Ulam Dagangan Si Doel