Secang

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Secang; Sepang
Sepang
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
divisio: Magnoliophyta
kelas: Magnoliopsida
ordo: Fabales
kulawarga: Fabaceae
Subkulawarga: Caesalpinioideae
Genus: Caesalpinia
Species: C. sappan
Jeneng binomial
Caesalpinia sappan
L.

Secang utawi sepang (Caesalpinia sappan L.) inggih menika wit saking anggota suku polong-polongan (Fabaceae) [1] ingkang dipunginakaken pepagan (kulit kayu) lan kayunipun minangka komoditi sesadéan rempah-rempah.

Tuwuhan menika asalipun saking Asia Tenggara maritim (Nusantara) lan gampil dipunpanggihaken wonten ing Indonesia. Kulit kayunipun dipunginakaken tiyang minangka bahan kanggé jampi (pangobatan), pewarna, lan unjukan panyeger. Dumugi abad kaping 17, kayunipun dados bagéyan saking sesadéan rempah-rempah saking Siam lan Nusantara dhateng manéka papan ing donya. Kuli secang menika kawéntar kanthi manéka nama kadosta seupeueng (Aceh), sepang (Gayo), sopang (Toba), lacang (Minangkabau), secang (Sunda), secang (Jawa), secang (Madura), sepang (Sasak), supa (Bima), sepel (Timor), hape (Sawu), hong (Alor), sepe (Roti), sema (Manado), dolo (Bare), sapang (Makasar), sepang (Bugis), sepen (Halmahera Kidul), savala (Halmahera Lor), sungiang (Ternate), roro (Tidore), sappanwood (Inggris), dan suou (Jepang) [2]. Kerabat caketipun menika asalipun saking Amerika Selatan, kayu brazil utawi brezel (C. echinata) ugi dipunginakaken sami kalihan secang.

Botani[sunting | sunting sumber]

Wit utawi perdu dhuwuripun dumugi 6 m. Kayunipun awujud silinder kanthi werni coklat lan medalaken cairan werni abrit. Godhong majemuk kasusun nyirip kalih khas Caesalpinioideae, dawanipun 25-40 cm, anak godhong wonten 10-20 pasang, awujud lonjong, pangkal rompang, pucuikipun bunder, pinggiring rata, kanthi dawa 10-25 mm, lebar 3-11 mm, lan ijo. sekaripun kasusun majemuk, awujud malai, ing pucuking awak wit kanthi dawa 10-40 cm, kelopak gangsal, werni ijo, benang sari 15 mm, dawanipun putik 18 mm, mahkota awujud tabung, kuning. Wohipun tipe polong, dawanipun 8-10 cm, lebar 3-4 cm, pucukipun kados paruh, kanthi isi 3-4 wiji, ireng. Wijinipun bunder ndawa, kanthi dawa 15-18 mm, lebar 8-11 mm, kandhel 5-7 mm, kuning radi coklai. Oyotipun jinis tunggang, coklat reged.

Mupangat[sunting | sunting sumber]

Bagéyan-bagéyan saking secang menika ngandhut senyawa anti baktèri lan kagungan sipat anti-koagulan (anti-panggumpalan). Khasiat pangobatan saged kanggé jampi mencret (diare), jampi watuk, lan jampi gerah. Kanggé jampi mèncrèt dipunginakaken kirang langkung 5 gram kayu ingkang garing ingkang dipuntugel alit-alit lajeng dipungodhog kalihan kalih gelas toya kanthi dangu 15 menit. Menawi sampun adhem banjur dipunsaring. Pepaganipun dipunginakaken minangka sumber pewarna abrit amargi ngasilaken brazilin, kados kayu brazil lan kerabat-kerabat caketipun. Sanajan werninipun boten sami kuwatipun kalihan kayu brazil. Pewarna menika dipunginakaken kanggé cat, busana, lan unjukan panyeger khas Yogyakarta kidul (wédhang secang lan wédhang uwuh) [3].


Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ (id) SECANG...KAYU BERIBU MANFAAT, (dipunakses tanggal 22 Maret 2013)
  2. ^ (id) Secang, (dipunakses tanggal 22 Maret 2013)
  3. ^ (id) Secang, Kayu Kering Berkhasiat, (dipunakses tanggal 22 Maret 2013)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Secang&oldid=843333"