Scrabble

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados


Broom icon.svg

Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia
(28 Pebruari 2013)
Ngrapèkaken artikel saged arupi mérang artikel ing paragraf utawi, Wikifikasi Artikel, maringi kategori, gambar, pranala interwiki, tandha diakritik lan ndandosi basa ingkang taksih campuran (krama/ngoko lan basa ngamanca).
Saksampunipun dipunrapèkaken, nyuwun supados panitya utawi pangurus busek pesen punika.(Peserta pelatihan boten kénging mbusek pesen punika).

Dolanan Scrabble

Scrabble yaiku papan dolanan nyusun tembung biasané sing dolanan wong 2 utawa 4.[1] Saka tembung-tembung sing bisa kasusun bakal pikantuk poin saka poin saben aksara ing dhuwuré papan dolanan kotak-kotak (15 kolom lan 15 baris).[1]

Wujud dolanané arupa kotakan cilik gèpèng sing ana tulisané aksara.[1] Wong sing dolanan njupuk 7 kotakan aksara saka wadhahé, banjur disusun supayané dadi tembung, oleh manengen utawa mangisor kaya teka-teki silang.[1] Tembung-tembung sing digawe kudu kelebu ing kamus standar miturut basa sing dianggo dolanan.[1]

Scrabble didol ing 121 negara ing 29 modèl basa-basa ing donya.[1] Satus yuta set dolanan scrabble bisa didol ing sadonya, lan saben 3 kaluwarga ing Amerika duwe sakset dolanan iki.[1]

Ing Amerika Serikat lan Kanada, mèrek scrabble sing misuwur yaiku Hasbro, éwodéné ing negara liya, mèrek scrabble sing akeh digoleki yaiku J.W. Spear & Sons.[1] Sadurunge ana J.W. Spear & Sons ing tahun 1993, scrabble kuwi merek dagang duweke Murferr Regency ing Australia.[1] Dolanan iki uga diarani Alfapet, FUNWORDER, Skip-A-Cross, lan Palabras Cruzadas.[1]

Sajarah [sunting]

Dolanan scrabble wiwitané digawé ing tahun 1983, rikala kuwi diarani "Criss-Crosswords" dening arsitèk sing jenengé Alfred Mosher Butts.[1] Dolanan iki pengembangan saka dolana Lexiko sing biyèn tau digawé, nanging saiki jangkep ana papan dolanan lan cara dolanané kaya teka-teki silang.[1] Dolanan ajeg nggunakaké aksara kaya Lexiko sing digawé miturut itungan distribusi frèkuènsi pangganggon aksara mawa seratan basa Inggris, kelebu artikel koran The New York Times.[1] Alfred Butts nggawé dhéwé dolanan iki lan nawakaké ing perusahaan-perusahaan dolanan gedhé nanging ora payu.[1]

Ana ing tahun 1948, pengacara James Brunot, wong saka Newton, connecticut nuku hak produksi dolanan "Criss-Crosswords" lan janji bakal ngewènèhi Butts royalti saka saben sèt sing bisa didol.[1] Brunot banjur nggenti jeneng dolanan kuwi dadi "Scrabble", tembung ing basa Inggris sing tegesé Usaha Ngudi Karya.[1] Brunot namung ngowahi kotak-kotak bonus ing papan dolanan, lan nggawé luwih gampang aturan dolanané. Jebul, dolanan scrabble payu didol.[1]

Ing tahun 1953, Brunot ngedol hak produksi scrabble marang Selchow lan Righter, amerga kapasitas produksi wis ora sanggup nyaguhi akèhé panjalukan.[1] Kaya déné Parker Brothers lan Milton Bradley, Selchow lan Rigter kuwi salah sijine pabrik dolanan gedhe sing biyèn tau nulak nuku dolanan scrabble.[1] Ing Britnia Raya lan Australia, scrabble wiwit dipasarake J. W. Spear & Sons tanggal 19 Januari 1955.[1] Perusahaan J. W. Spear & Sons saiki anak perusahaan Mattel.[1] Ing tahun 1986, Selchow lan Righter ngadoldolanan iki marang Coleco banjur disol meneh marang Hasbro.[1]

Aturan Dolanan [sunting]

Dolanan iki dimaenake wong 2 nganti 4 wong karo papan dolanan kotak-kotak sing cacahe 15 kolom lan 15 baris.[1] Rikala nyusun tembung, saben kotak diisi siji kotakan aksara.[1] Ana ing klub resmi utawa turnamen, pertandingan namung dimaenake wong loro (utawa, ana kalane antawise 2 tim sing saben anggotane dolanan bareng nyusun aksara saka rak sing beda).[1]

Saben aksara duwe poin dhewe (Antawise 1 nganti 10) sing beja ing frekuensi metune aksara kuwi standar.[1] Ana ing model scrabble basa Inggris, aksara-aksara sing bisa metu ing tetembungan basa Inggris, kaya aksara "E" utawa "O" poine mung 1. Aksara-aksara sing arang metu, kaya "Q" lan "Z" poine 10.[1] Sakliyane kuwi, ana uga kotakan kosong (ora ditulisi aksara) poine nol, nanging bisa dianggo kanggo nglambangake kabeh aksara saka "A" nganti "Z".[1]

Papan dolanan ditandani karo kotak-kotak bonus sing bisa ngakehake poin.[1] Kotak sing wernane abang ana tulisane "Triple-word" dipingake 3 total poin sing diduweni saka saktembung, kotak sing wernane jambon "double-word" dipingake 2 total poin sing diduweni saka saktembung, kotak werna biru tuwa "triple-letter" dipingake 3 poin aksara sing ana ing duwure, ;an kotak biru nom "double-letter" dipingake 2 poin aksara sing ana ing dhuwure.[1] Kotak ing bagiyan tengah papan (H8)"double-word" lan diwenehi tada bintang utawa logo.[1]

Cathetan Suku [sunting]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae (id)permainan Scrabble dari sejarah sampai sekarang waktu (dipunundhuh tanggal 7 Oktober 2012)

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Scrabble&oldid=834667"