Sarwono Kusumaatmadja

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Sarwono Kusumaatmadja
Sarwono Kusumaatmadja

Mangsa jabatan
26 Oktober 1999 – 9 Agustus 2001
Pejabat sadurungé Tidak ada
Pengganti Rokhmin Dahuri

Mangsa jabatan
17 Maret 1993 – 17 Maret 1998
Pejabat sadurungé Emil Salim
Pengganti Juwono Sudarsono

Mangsa jabatan
23 Maret 1988 – 17 Maret 1993
Pejabat sadurungé Saleh Afiff
Pengganti T.B. Silalahi

Lair 24 Juli 1943 (umur 69)
Flag of Japan.svg Jakarta, Masa Pendudukan Jepang
Kabangsan Indonesia
Almamater Institut Teknologi Bandung

Sarwono Kusumaatmadja (miyos ing Jakarta, 24 Juli 1943) inggih menika politisi saking Indonésia.[1] Panjenenganipun menika tilas Sekretaris Jederal Partai Golongan Karya (Golkar) lan tilas Mentri Negara Pendayagunaan Aparatur Negara ing taun 1993 ngantos dumugi taun 1998, lan [[Mentri Eksplorasi Kelautan (1999-2001). Salajengipun, Sarwono kapilih dados anggota Dewan Perwakilan Daerah (DPD) saking DKI Jakarta ing Pemilu 2004.[2] Priyantun jaler lulusan Teknik Sipil Institut Teknologi Bandung (ITB) menika sampun ngliwati periodisasi sajarah politik ing Indonésia, saking ordhé ènggal dhateng ordhé réformasi.[2]

Kariér[sunting]

Wiwit taksih mahasiswa, panjenenganipun sampun aktif ing organisasi.[2] Taun 1967-1968 panjenenganipun njabat dados Ketua Umum Dewan Mahasiswa ITB.[2] Panjenenganipun ugi ndhèrèk Program Pertukaran Pelajar ingkang anjangsana dhateng Amerika serikat ing taun 1968.[2] Taun 1970 panjenenganipun dados Ketua Organizing Commitee ASEAN University Student Association.[2]

Taun 1971 panjenenganipun kapilih dados Anggota DPR RI.[2] Nalika taun 1983-1988, panjenenganipun njabat dados Sekretaris Jenderal DPP Golkar, ndhampingi Sudharmono minangka Ketua Umum.[2] Nalika ing Senayan menika, panjenenganipun ugi dados Delegasi Tetep Organisasi Internasional Parlemen ASEAN (1978-1988).[2]

Salajengipun, nalika Présidhèn Suharto, panjenenganipun dipunangkat dados Mentri Negara Pendayagunaan Aparatur Negara (19881993) lan Mentri Negara Lingkungan Hidup (19931998).[2] Nalika Présidhèn Abdurrahman Wahid, panjenenganipun pinitados njabat Mentri Kelautan lan Perikanan (1999-2001).[2]


Pranala Njawi[sunting]

(id)Sarwono Kusumaatmadja

Cathetan Suku[sunting]

  1. ^ (id)Ir. Sarwono Kusumaatmadja dipunundhuh tanggal 22 September 2011)
  2. ^ a b c d e f g h i j k (id)Sarwono Kusumaatmadja dipunundhuh tanggal 22 September 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.