Saridin (Syeh Jangkung)

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Makam Syeh Jangkung

Saridin utawa Syèh Jangkung yaiku salah sawijining tokoh Islam kang ana ing Kabupatèn Pathi[1] nalika ing jaman Wali Sanga. Jeneng Saridin pancèn ora kondhang ing donya, nanging ing dhaérah lor pesisir pulau Jawa (dhaérah Pathi, Kudus, Demak, Rembang) Saridin wis dadi legénda.[2] Saridin kuwi wong kang sekti, nanging luguné ora ketulungan.[2] Mula saking luguné, nganti-nganti dhèwèké ora sadar karo kasektèné.[2]

Cilikané Saridin[sunting | sunting sumber]

Saridin salah sawijining pawongan kang lugu lan prasaja, mapané ing désa Landhoh, dhaérah Pathi.[1] Miturun cerita sing wis ana Saridin kuwi putra salah sawijining Wali Sanga, yaiku Sunan Muria lan garwane Dewi Samaran.[1] Ing crita babad nyebutaké yèn to jabang bayi Saridin kuwi ora putrané Sunan Muria karo garwané Dewi Samaran.[1] Nalika isih enom, Saridin seneng ngulandara (basa Indonésia: mengembara) nganti ing titi wanciné ketemu karo Syèh Malaya utawa Sunan Kalijaga, lan diakui minangka guru sejati.[1] Nganti wayahé mulih ing Miyono, Saridin dicritake wis rabi karo wong wadon kang disebut-sebut mbokne momok, lan merga rabi kuwi mau Saridin duwe anak kang dijenengi Momok.[3] Nganti ing sawijining dina, Saridin dan Branjung dulur ipéné andum waris wit durèn siji-sijiné kang di duwèni nanging uwohé akèh.[3] Andum waris ngasilaké pasarujukan antarané Saridin lan Brajung, Saridin éntuk jatah durén kang tiba wayah bengi lan Branjung éntuk jatah durén kang tiba ing wayah awan.[3] Nanging kuwi mau amung akal-akalané Branjung.[3] nganti tekan ing wayah bengi, Saridin jaga ning jatah warisané.[3] Ora sawetara suwé anggoné jaga, ana sawijining kéwan metu kang awujud macan nyedhaki Saridin, ora liya macan kuwi mau amung panyamarané Branjung kanggo medhén-medhéni Saridin waé.[3] Ora wedi Saridin banjur nyedaki macan kuwi mau karo nggawa cucukan lan langsung waé dipatèni macané.[3] Banjur sawisé macan kuwi mati langsung malih wujud dadi Branjung.[3] Matiné Branjung ndadikaké masalah kanggo Saridin karo hukum tatanan ing Pathi.[3] Wektu kuwi Adipatiné Wasis Jaya Kusumo kang kudu negakaké hukum lan ngukum Saridin.[3] Amerga kesalahané, Saridin kena hukuman pidana ing Pathi.[3]

Ontran-ontran Kudus[sunting | sunting sumber]

Sawisé metu saka hukuman ing Pathi, banjur Saridin nyantri ana ing Kudus ing pondhoké Sunan Kudus.[2] Ing Kudus, Saridin gawé ontran-ontran nganti gawé jèngkèlé Sunan Kudus lan para santri kang wis rumangsa pinter amarga Saridin luwih pinter tinimbang santri-santri kang wis suwé mondhok ing Kudus.[2] Nganti ing titiwancine ana èyèl-èyèlan antarané Saridin lan Sunan Kudus babagan banyu lan iwak.[2] Kanggo ngetès kapinterané Saridin, Sunan Kudus takon marang Saridin. Kanti ènthèng Saridin njawab Sunan Kudus.

Sunan Kudus: "Apa saben banyu kuwi mesti ana iwaké, Din?"
Saridin: "Wonten, bapa guru Sunan Kudus"[2]

Krungu jawaban saka Saridin banjur Sunan Kudus ngutus salah sawijining santri kanggo jupuk klapa ing wit kanggo mbuktèkake jawabané Saridin.[2] Ananging jebul sing di omongké Saridin bener, ing jero klapa ana iwaké.[2]

Ora mung kuwi, ing liya dina para santri kejatah ngangsu kanggo ngisi klenthing kanggo wudhu.[2] Amarga ora énak ati banjur Saridin melu ngéwangi, nanging ora kebagian èmbèr trus karep ati nyilih èmbèr karo santri liya nanging malah dikongkon nganggo kranjang, banjur Saridin ngangsu nganggo kranjang lan bisa ngebaki sekabihaning klenthing kang ana ing pondhok.[4] Amarga Saridin dianggep seneng pamèr kaluwihan, Saridin dikongkon lunga saka pesantrèné Sunan Kudus lan ora éntuk balik menèh ana ing Kudus.[4]

Amarga ukuman kuwi mau, sadurunge Saridin lunga banjur pamèr kasektèn menèh ana ing Kudus, ora tanggung-tanggung olèhé pamèr, ing wayah wengi Saridin mlebu ana ing jero kakus khusus kanggo wong wadon, wayah esuk salah sawijine santri wadon ana sing arep mbuang hajat banjur Saridin njarag nyundhul kelaminé wong wadon mau.[4] Amarga kaget banjur wong wadon kuwi njerit lan gawe gègèr sakabihaning santri kang ana ing pondok, banjur Saridin dilapoké marang Sunan Kudus.[4] Saridin mlayu, Saridin dadi buron manèh, banjur ing playuné Saridin ketemu karo Syèh Mlaya.[4] Syèh Malaya ngutus marang Saridin supaya tapa ana ing segara kanggo nebus kesalahané.[4]

Lulang Kebo Landhoh[sunting | sunting sumber]

Ing amarga Saridin kasil numpes agul-agul para siluman ing alas roban, Saridin olèh bebungah saka Sultan Agung ing Kasultanan Mataram ngrabi mbakyuné Sultan Agung Retno Jinoli.[5] Ananging Retno Jinoli kuwi mau bahu lawean, utawa saben wong lanang sing dadi bojoné bakal mati sawisé nglakoni hubungan bebojoan.[5] Sawise rabi karo Retno Jinoli, Saridin mulih ing Miyono banjur gawe pondok lan ora sawetara suwé pondoké Saridin wis kondhang.[5] Ing miyono, Saridin karo anak lanangé lan para santri-santriné kerja dadi wong tani, kanggo ngènthèngake gawéane ning sawah, momok njaluk ditukokna kebo.[5] Amarga saben dina kebo kuwi mau dijak mregawé, kebo kuwi mau ujug-ujug nggléthak ana ing sawah, kabeh uwong ngirané kebo kuwi mau wis mati, nanging sawise dicekel Saridin kebo kuwi mau tangi menèh lan tambah seger.[5] Amarga kebo mau tukuné ana ing désa landhoh, banjur kebo kuwi mau dijenengi kebo landhoh.[5] Ing amarga kebo landhoh kuwi naté mati lan urip manèh, ing mitosé para warga ing Pathi lan sak kiwa-tengené Pathi percaya menawa lulang kebo landhoh bisa dinggo piandhel.[5]

Sédané Saridin[sunting | sunting sumber]

Sédané Saridin ora amarga dipathéni utawa kena penyakit kang parah, ananging amarga wis wayahé séda.[2] Nalika Saridin séda, kebo landhoh kuwi mau disembelih lan daginge di dum-dumaké para tangga teparoné Saridin.[5] Amarga kuwi dum-duman daging kebo ing acara lelayu saiki dadi pakulinan ing wilayah Pathi bageyan kidul, ing antarané wilayah désa Kayen, Sukolilo, Gabus, lan Winong.[5]

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e Saridin(3 April 2011 Saridin Syeh Jangkung)
  2. ^ a b c d e f g h i j k Saridin(5 April 2011 Saridin)
  3. ^ a b c d e f g h i j k Saridin (5 April 2011 Saridin)
  4. ^ a b c d e f Saridin(6 April 2011)
  5. ^ a b c d e f g h i Saridin (9 April 2011)

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]