Sandhal
Sandhalyaiku salah sijiné anggon-anggon sikil sing bagéan driji sikil utawa tungkak kebukak. Bagéan sol diwénehi tali utawa sabuk kang mupangaté dianggo njepit ing bagian driji, geger sikil, utawa ugél-ugélan. Supaya sandhal ing bagéyan geger sikil karo driji ketutup,sandhal ora coplok saka sikil kang nganggo.Jenisé sandhal miturut wujudé :
- Sandhal Jepit yaiku sandhal kang macem-marem wujudé digawé saka bahan karèt utawa plastik. Tali kang dianggo jepit wujudé huruf V sing ngubungaké bagian ngarep karo bagian mburi sandal.
- Sandhal Bakiak (thèklèk) yaiku sandhal kang telapakané digawé saka kayu kang énténg (kayu randhu) lan diwènèhi tali utawa sabuk saka ban bekas kang dipaku ing kiwa tengené.Sandhal Bakiak uga sandal kang tahan banyu biasané ana umat Islam, bakiak dianggo wektu wudhu kanggo nindakaké rukun islam yaiku sholat.
- Sandhal Selop yaiku sandal kang digawé saka bahan kulit kéwan, ingkang diolah lan wujudé nutupi bagian driji, geger sikil lan bagian tungkak kebukak.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
Asal tembung sandhal yaiku sandalion (basa Yunani) sing diserep jroning basa Latin (sandalium), basa Prancis (sandalé), lan sapituruté.[1] Sandal asal saka alas sikil wong Yunani lan Romawi Kuno. Ing jaman semana, sol digawé saka gabus, déné bagéyan panutup digawé saka kulit. Bagéyan driji sikil diumbar kabuka, lan dipepaki kanthi sabuk utawa tali supaya ora copot saka sikil nalika dianggo mlaku. Jroning perkembangan sabanjuré, pendhita Katulik migunakaké kaos sikil kanthi bordir sing disebut sandhal.[2]
[sunting] Sandhal saka saindhenging donya
- Bakiak, sandhal kayu kanthi tali saka ban tilas
- Klompen, selop kayu saka Walanda
- Patten, sandhal kayu saka abad pertengahan
- Espadrille, sandhal saka Prancis
- Huarache, sandhal saka Mèksiko (bagéyan penutup mburi digawé saka nam-naman kulit)
- Mary Jane, sandhal saka Amérika Sarékat (bagéyan driji katutup ing bagéyan tungkak)
- Zōri, sandhal tradhisional Jepang, digawé saka plastik, kain, utawa nam-naman suket.
- Geta, sandhal kayu saka Jepang
- Caliga, sandhal militèr Romawi
[sunting] Referensi
- ↑ (en) Sandal. Merriam-Webster Online. URL diaksès tanggal 27 Januari 2008
- ↑ (en)Bradford, Thomas Gamaliel (1835). Encyclopædia Americana: A Popular Dictionary of Arts, Sciences, Literature, History, Politics, and Biography. Desilver, Thomas.
[sunting] Pranala jaba
- Sing Trendi saka Yongki, Republika Online, 3 Februari 2001