Samuel Rizal
Samuel Rizal (lair ing Jakarta, 26 November 1980; umur 32 taun) yaiku aktor lan pemain baskèt Indonésia.[1] Samuel Rizal nduweni awak kang dhuwuré 183 cm. [1]Jenéngé misuwur amarga film Eiffel I'm in Love kang dibintangi.[1]
Bab lan Paragraf |
Karir[sunting]
Wiwit cilik Samuel Rizal wis seneng karo olahraga khususé baskèt.[1] Samuel Rizal anak kaping telu saka papat sedulur. [1]Samuel Rizal nduwéni prestasi kang akéh ing olahraga baskèt.[1] Samuel Rizal iku katurunan Padang, Ambon, lan Manado.[1] Dhéwéké miwiti kariré ing klub Satria Muda lan tau makili Indonésia ing kejuaraan three on three ing Taiwan. [1] Saliyané iku Samuel Rizal uga nduwéni prestasi ing olahraga iki kayata dhéwéké kapilih dadi anggota timnas yunior Indonésia.[1] Amarga saka bakaté kang pinter main basket iki Samuel Rizal banjur kenal karo akting.[1] Samuél Rizal iku anaké pasangan Boetje S Arifin lan Wunoy Rolandy Luntungan.[1] Nalika iku ing salah sawijiné kajuaraan utawa lomba, Sammy ditawani dadi modhél karo salah sijiné pemandu baskèt.[1] Saka catwalk iki Samuel Rizal wiwit mbangun lan ngrintis kariré.[1] Samuel Rizal tau kuliah ing STIMIK Perbanas.[1] Sammy mlebu dadi angkatan 2000.[1] Saliyané iku Samuel Rizal uga éntuk tawaran kanggo main ing film kang judhulé Tusuk Jelangkung.[2] Jenengé wiwit misuwur nalika dhéwéké main film kang judhulé Eiffel I'm in Love. Film iki dibintangi Samuel Rizal karo Shandy Aulia. Saka film iki Sammy entuk gelar Most Favorite Actor ing MTV Indonésia Movie Awards (MIMA) 2004.[3] Sawise sukses main film Eiffel I'm in Love, Shandy lan Sammy banjur main film kanthi pasangan maneh, yaiku ing film kang judhulé Apa Artinya Cinta?. Sammy miwiti kariré ing TV kanthi sinetron kang judhulé Vanina dan Vanisa.
Filmografi[sunting]
- Tusuk Jelangkung (2001)
- Eiffel I'm in Love (2003)
- Eiffel I'm in Love Extended (2004)
- Apa Artinya Cinta? (2005)
- Sayang You Can Dance Produksi Malaysia(2009)
Sinetron[sunting]
Samuel uga tau dadi bintang sinetron.
- Terdampar (2010)
FTV[sunting]
Saliyane film lan sinetron, Samuel Rizal uga main ing FTV.[1]
- Selingkuh
- Cewek Cantik Itu Namanya Sarah (Soraya Film) (2008)
- Sekotak Pisang Ponti Untuk Cinta (2009)
- Buaya Pesta (2009)
- Cewek, Maafin Gue Donk (2009)
- He Loves Me, He Loves Me Not (2009)
- Miscall (2009)
- Tabrak Lari (2009)
- Tabrak Lari 2 (2009)
