Samuel Huntington
| Samuel Huntington | |
|---|---|
| Miyos | Samuel Phillips Huntington 18 April 1927 New York City, United States |
| Tilar donya | 24 Desember 2008 (umur 81) Martha's Vineyard, Massachusetts |
| Kabangsan | American |
| Bidhang | Political science |
| Lembaga | Harvard University Columbia University |
| Lulusan saking | Stuyvesant High School Harvard University University of Chicago Yale University |
| Kaahlian | Clash of Civilizations |
| Dipunpangaruhi | Fukuyama, Zakaria |
Samuel Phillips Huntington (New York City, 18 April 1927 - Martha's Vineyard, 24 Desember 2008) inggih menika satunggalipun ilmuwan pulitik Amerika Serikat.[1] Panjenenganipun dados guru besar ugi pandheganipun jurusan Ilmu Pulitik ing Universitas Harvard lan Pandheganipun Harvard Academy kanggé Kajian Internasional lan Regional, ing Weatherhead Center for International Affairs.[2] Nalika wulan Januari 2000, Huntington mandhap saking jabatanipun minangka dhirèktur ing Olin Institute. Taun 1999-2000, panjenenganipun nyambut damel nliti éwahipun idhèntitas nasional Amérika Sarékat lan implikasi-implikasi saking éwah-éwahan punika dhumateng paranipun Amérika Sarékat ing donya internasional.[2] Sasampunipun menika, Huntington nyambut damel ngasta mata kuliah wonten ing bidhang kajian, lan mata kuliah sanèsipun wonten ing perbandingan pulitik lan pulitik global sasampunipun Perang Dingin.[2] Huntington sampun nyerat buku The Clash of Civilizations and the Remaking of World Order ingkang dipunserat ing taun 1998.[2] Isinipun bab wontenipun benturan antarbudaya, sasampunipun peristiwa 11 September (pangeboman menara WTC ing New York).[2] Kanthi buku menika kathah tiyang ingkang ningali perang mengsah terorisme minangka benturan kabudayan Kilèn lan Wétan, kados déné gagasan ingkang kaserat déning Huntington.[2] Buku menika dados karyanipun ingkang monumèntal ugi kontroversial lan dadosaken masalah wonten ing donya sadangunipun langkung saking tigang taun.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.