Sammi Cheng
| Sammi Cheng | ||||||||||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Cheng performing at "Love Mi Sammi Cheng 2009 Concert" on December 31, 2009. |
||||||||||||||||||
| Jeneng Cina | 鄭秀文 (Tradhisional) | |||||||||||||||||
| Jeneng Cina | 郑秀文 (Prasaja) | |||||||||||||||||
| Pinyin | zhèng xìu wén (Mandarin) | |||||||||||||||||
| Jyutping | zeng6 sau3 man4 (Kanton) | |||||||||||||||||
| Leluhur | Chaozhou (Teochew), Guangdong, China | |||||||||||||||||
| Asal | Hong Kong | |||||||||||||||||
| Jeneng liya | 阿Mi, 鄭四萬 | |||||||||||||||||
| Pakaryan | Singer, actress | |||||||||||||||||
| Genre | Cantopop, Mandopop | |||||||||||||||||
| Instrumen | Singing | |||||||||||||||||
| Label(s) | Capital Artists (1988–1995) Warner Music (1995–2005) East Asia Entertainment Ltd. (2005–Present) |
|||||||||||||||||
| Taun aktif | 1990-2005 2007–present |
|||||||||||||||||
| Kanca | Andy Hui | |||||||||||||||||
| Pengaruh | parents, religion | |||||||||||||||||
|
||||||||||||||||||
Sammi Cheng Sau-Man yakuwi penyanyi lan aktris saka Hong Kong.[1] Dheweké kondhang dadi diva lan penyanyi wanita paling sukses ing Hongkong awit taun 1990an. [1] Albumé wis kadol luwih saka 25 yuta kopi ing Asia-pasifik.[1]
Sadhurungé Sammi Cheng dikenal kanthi jeneng Twinnie Cheng. [1] Jeneng kasebut kuwi dudu jeneng lair.[1] Jeneng kuwi ditampa nalika dheweké isih sekolah lan guru basa Inggrisé kang wektu kuwi kepengin kabeh muridé anduweni jeneng Inggris. Pungkasané dheweké diwenehi jeneng Twinnie dening sedulur wadoné.[1]
Jeneng kasebut pungkasané ganti dadi Sammi. [1] Dheweké sinau ing SD SKH St. Peter lan SMA Tang Shiu Kin Victoria. [1] Dheweké anduweni telu sadulur wadon lan siji sadulur lanang.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] KARIR
[sunting] Musik
Sammi Cheng miwiti karir ing donyaning hiburan awit umur 16 taun. [1] Nalika kuwi dheweké meluni kontes nyanyi NEW TALENT SINGING AWARDS ing TV nalika taun 1988. [1] Senajan dheweké mung dadi juwara teluné, perusahaan rekaman Capital Artists mangerteni potensiné kang pungkasané nawakaké kontrak karo Sammi.[1] Nalika kuwi Cheng isih sekolah, mula dheweké kudu mbagi wektuné kanggo sinau lan nyambut gawe.[1] Sadhurungé tamat sekolah, dheweké wis ngrilis telung judul yakuwi Sammi, Holiday, lan Never Too Late. [1] Salah sawijining bebungah kang tau ditampa yakuwi RTHK Top 10 Gold Songs Awards nalika taun 1990.[1]
Ing taun 1993, dheweké ngganti gayané kanggo ngembangaké kariré.[1] Dheweké ngubah dandanané lan ngubah warna rambuté dadi jambon.[1] Ing taun kuwi dheweké menangaké Jade Solid Gold Top 10 Awards kanggo tembangan Do You Really Have Me in Your Heart, yaiku tembang kang ditembangaké dheweke karo Andy Hui.[2][1]
Kaputusané kanggo ngubah warna rambuté ora sia-sia, mulane dheweke dadi kondhang. [1] Ing taun 1995, Sammy ngilang saka peredaran kang suwene kurang luwih setengah taun, nanging dheweke dikabaraké mbenaké rambuté supaya ireng amarga dheweké wis nandatangani kontrak karo Warner Music. [1] Pungkasané dheweké ngilangaké sipat liyar kang ana ing dheweké.[1] Ing sasi Juli 2004, dheweké nglaksanakaké konser pitung wengi ing Hongkong. [1] Dheweké uga mecahaké rekor dadi penyanyi wanita paling enom kang wus nglakoni konser wengi kaping 50.[1]
[sunting] Akting
Karir aktingé diwiwiti ing taun 1991, yakuwi nalika dheweké mbintangi serial TV LIFE OF HIS OWN. [1] Setaun sawisé kuwi karir filmé diwiwiti nalika dheweké mbintangi film BEST OF THE BEST ing taun 1992. Ing film kasebut, dheweké akting bebarengan karo Jacky Cheung.[1]
Ing pungkasan taun 1990an, dheweké mbintangi film NEEDING YOU kang dadi box office ing Asia Tenggara. [1] Amarga film kasebut, dheweké entuk nominasi dadi Aktris paling apik ing Hong Kong Film Award taun 2001. [1] Ing taun 2005, dheweké uga entuk nominasi dadi aktris paling apik ing ajang Venice International Film Festival kaping 62 amarga film EVERLASTING GREEN.[1]
[sunting] Iklan
Sammi kuwi dadi trendsetter saka panyemiran rambut lan dheweké dipilih dadi salah sijining saka sapuluh selebritis paling fashionable ing Hongkong. [1] Dheweké nandatangani kontrak karo perusahaan-perusahaan kayata SK-II skin care lan jasa penganten Mona Lisa. [1] Dheweké uga tau nggabung ning Panasonic.[1]
[sunting] Tur Konser
| Taun | Judul ning basa China | Judul ning basa Inggris | Nomer | Wujud Rilis |
|---|---|---|---|---|
| 1993 | 勁爆狂歡大報復 | Hit Radio Party Big Revenge Mini Concert | 2 | - |
| 1996 | 鄭秀文X空間演唱會 | Sammi X Live '96 | 8 | LD/CD/VCD/DVD |
| 1997 | 談情說愛慈善演唱會 | Let's Talk About Love Charity Concert | 1 | TV Broadcast/DVD |
| 1997–1998 | 鄭秀文97演唱會 | Sammi Star Show | 32 | CD/VCD/DVD |
| 1999–2000 | 鄭秀文99演唱會 | Sammi i Concert '99 | 17 | CD/VCD/DVD |
| 2000 | 鄭秀文台北演唱會 | Sammi 2000 Taipei Concert | 2 | CD/VCD |
| 2001 | 鄭秀文 903拉闊演唱會2001 | Sammi 903 Live Concert 2001 | 1 | CD/DVD |
| 2001 | 鄭秀文 Shocking Colours演唱會2001 | Sammi Shocking Colours Live 2001 | 16 | CD/VCD/DVD |
| 2004 | Sammi vs Sammi 鄭秀文04演唱會 | Sammi vs Sammi 2004 Concert | 10 | CD/VCD/DVD |
| 2007 | Show Mi 鄭秀文2007演唱會 | Sammi Show Mi 2007 Live | 19 | CD/VCD/DVD/Blu-ray |
| 2009 | - | MOOV Live 2009 Sammi | 1 | Digital Download/DVD |
| 2009–2010 | Love Mi 鄭秀文世界巡回演唱會 | Sammi Love Mi World Tour | 22 | CD/DVD/Blu-ray |
[sunting] Filmografi
[sunting] Serial TV
Dening Sammi Cheng:
- Life of His Own 浪族闊少爺(1991)
- File of Justice I 壹號皇庭 I (1992)
- Return of the Vampire 大頭綠衣鬥疆屍 (1993)
- Journey of Love 親恩情未了 (1994)
- Detective Investigation Files II 刑事偵緝檔案 II(1995)
- Man's Best Friend 寵物情緣 (1999)
- The Monkey King: Quest for the Sutra 齊天大聖孫悟空 (2002
[sunting] Film
Dening Sammi Cheng:
- Best of the Best (飛虎精英之人間有情) (1992)
- Feel 100% (百分百感覺) (1996)
- Feel 100%....Once More (百分百o岩Feel) (1996)
- Killing Me Tenderly (愛您愛到殺死您) (1997)
- The Lucky Guy (行運一條龍) (1998)
- Needing You (孤男寡女) (2000)
- Summer Holiday (夏日的麼麼茶) (2000)
- Wu yen (鍾無艷) (2001)
- Fighting for Love (同居蜜友) (2001)
- Love on a Diet (瘦身男女) (2001)
- Marry a Rich Man (嫁個有錢人) (2002)
- My Left Eye Sees Ghosts (我左眼見到鬼) (2002)
- Infernal Affairs (無間道) (2002)
- Love For All Seasons (百年好合) (2003)
- Good Times, Bed Times (戀上你的床) (2003)
- Infernal Affairs III (無間道III:終極無間) (2003)
- Enter the Phoenix (大佬愛美麗) (2004)
- Magic Kitchen (魔幻廚房) (2004))
- Yesterday Once More (龍鳳鬥) (2004)
- Everlasting Regret (長恨歌) (2005)
- Lady Cop & Papa Crook (大搜查之女) (2008)