Salamander geger abang
| Salamander punggung merah | |
|---|---|
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Amphibia |
| ordo: | Caudata |
| kulawarga: | Plethodontidae |
| Genus: | Plethodon |
| Species: | P. cinereus |
| Jeneng binomial | |
| Plethodon cinereus (Hijau, 1818) |
|
Salamander geger abang utawi Salamander geger abrit (Plethodon cinereus) punika salah setunggaling salamander alas ingkang ukuranipun alit. [1]Salamander geger abrit limrahipun manggen wonten lereng alas ing Amérika Lèr pérangan wétan, inggih menika dhaérah Missouri; Carolina Utara; Quebec saha Provinsi Maritimeswonten ing Kanada ngantos Minnesota.[1] Salamander geger abang ugi misuwur dados Salamander geger abang lor.[1] Nama menika kanggé mbéntenaken saking Salamander geger abang kidul (P. serratus).[1] Salamander geger abang nggadhahi kalih variasi werna. [1]Inggih menika variasi geger abang saha werni ingkang langkung peteng inggih menika geger ireng.[1] Kejawi menika wonten variasi sanésipun inggih menika werni belang kuning, oranye saha pethak. [1]
Reproduksi saha biomassa [sunting]
Salamander geger abarit jaler lan èstri anggadhahi ciri ingkang bènten.[2] Bèntenipun punika arupi pakananipun saha teritori kawin inggih menika wonten ing sangandhapipun karang saha kayu.[2] Ananging kathah-kathahipun salamander geger abang menika sistem monogami sosial. [2]Salamander menika wiyaraken dhaérah sareng-sareng kaliyan salamander geger abang sanesipun.[2] Salamander geger abang menika gadhah anak nalika wulan Juni saha Juli.[2] Salamander geger abang wadon biyasanipun ngasilaken tigan ingkang cacahipun sekawan ngantos pitulas saben setunggal taunipun.[2] Tigan menika lajeng netes nalika sampun 6-8 minggu.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.