Sakuntala

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Lukisan Sakuntala déning Raja Ravi Varma

Sakuntala iku sawijining tokoh saka wiracarita Mahabharata. Dhèwèké iku garwané Dusyanta lan ibuné Maharaja Bharata. Caritané ana ing Mahabharata lan ing India naté digawé drama déning Kalidasa ing sandhiwarané Abhijñānaśākuntalam (Sakuntala diakoni).

[sunting] Étimologi

Resi Kanwa nemokaké dhèwèké ing ngalas nalika isih bayi. Kala iku jabang bayi iki dirubung karo manuk-manuk sakunta birds (basa Sangskreta: शकुन्त, śakunta). Mulané dhèwèké pinaringan jeneng Sakuntala sing tegesé direksa déning Sakunta [1][2].

Ing kitab Adiparwa basa Sangskreta Resi Kanwa ngendika:

निर्जने च वने यस्माचछकुन्तैः परिरक्षिता
शकुन्तळेति नामास्याः कृतं चापि ततो मया

nirjane ca vane yasmācchakuntaiḥ parirakṣitā
śakuntaleti nāmāsyāḥ kṛtaṃ cāpi tato mayā

Dhèwèké dirubung déning śakuntas ing kasepèné wana,
mulané, dhèwèké takparingi jeneng Sakuntala (kareksa déning Sakunta).

[sunting] Cathetan sikil

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sakuntala&oldid=661235"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès