Saklar
Saklar inggih menika piranti ingkang dipunginakaken kangge medhot jaringan listrik, utawi kangge nyambungaken.[1] Dhasaripun, saklar menika piranti medhot utawi nyambungaken aliran listrik.[1] Sasanesipun kangge jaringan listrik arus kiat, saklar ingkang wujudipun alit dipunangge kangge piranti komponen éléktronika arus alit.[1] Saklar kapérang saking kalih logam ingkang némpél ing satunggalipun rangkean, lan saged dipunsambung utawi dipunpisah miturut nyambung (on) utawi pedhot (off) ing rangkean kasebat.[1] Material utawi bahan kontak sambungan umumipun dipunpilih supados kiyat nahan korosi.[1] Menawi logam ingkang dipunangge kadamel saking bahan oksida ingkang kados limrahipun, mangka saklar asring boten dipunangge.[1] Kangge ngirangi efek korosi menika, paling boten logam ingkang dipunangge kangge kontak sambungan kedah dipunsepuh kanthi logam anti korosi lan anti karat.[1]
Rangkean Saklar [sunting]
Rangkean saklar wonten ing ngriki kaperang dados 3, inggih menika:[2]
- Rangkean Pengendali Utami, inggih menika rangkean pangendali saking IC 555 ingkang dipunfungssikaken minangka multivibrator astabil, ingkang badhe ngedalaken gelombang kontak ing terminal outputipun.[2]
- Rangkean Led Driver, inggih menika rangkean saklar ingkang kathah dipunangge kagem pengemudian beban.[2] Ing rangkean menika dipunginakaken rangkean Led Driver kangge murubaken 4 led minangka indikatoripun.[2]
- Buzzer / Bell, ing rangkean saklar menika dipunginakaken setunggal buzzer ingkang dipunpasang paralel kaliyan lampu led.[2]
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.