Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Australia iku salah sijining bawana ing donya.[1]. Australia iku bawana kang paling cilik.[2] Australia iku ana ing bumi sisih kidul antarané Samudera Pasifik lan Samudera Hindia.[2] Ambane mung 7.682.300 km2, dawa saka Panté Wetan tekan Kulon iku 3200 km lan dawa saka Tanjung York ing Panté Lor tekan Tanjung Tenggara ing Tasmania iku 3700 km.[2] Letak geografisé iku saka 10o 41'LS tekan garis lintang 43o 39'LS lan saka garis bujur 113o 09'BT tekan 153o 39'BT.[2] Lagu kebangsaané iku judhulé Advance Australia Fair kang didheklarasiaké tanggal 19 April 1984[3] Tanggal 1 Januari 1901 Australia dimerdhékaaké déning Inggris.Pendhudhuk asli Australia iku suku Aborigin.[4][5] Australia
Sajarah Australia [sunting]
- Sabeneré Australia wis ditemokaké ing taun 1642 déning Portugis lan Spanyol[6]
- Ing taun 1768, Kaptén James Cook lunga menyang Tahiti kanggo sinau papan mandhegé planet Venus ing langit Samudra Pasifik sisih Kidul.[7] Ing dalan bali, ndhékné mandheg ing papan anyar sing saiki kasebut New Zealand utawa Selandia Baru.[7] Ndhékné lunga manéh lan mandheg ing Australia sisih kidul sakwisé ndhékné bali mara Inggris[7]
- Ing taun 1787 Inggris ngirim penjahat mara Australia merga dhaérah ‘’pengiriman’’ penjahat Inggris yaiku Amerika wis kebak.[7] Ing taun iku 750 tahanan dipindhah mara Australia, kanthi taun 1868 lewih saka 168.000 tahanan tekan Australia.[7]
- Ing taun 1851 Australia mulai dikenal wong saka dunya merga sugih emas.[8] Emas ditemukake ing dhaérah New South Wales lan Victoria. Wong kang paling akéh teka mara Australia kuwi wong China.[8] Taun 1854 ana perang gedhé merga para tukang tambang kepéngin ngilangake pajeg barang tambang lan ngadhepi militér Australia. [9]
Cathetan suku [sunting]