Sadhel
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Sadhel utawa sèdhel bisa uga kasebut jok yaiku piranti kang biasa dianggo lungguh ana ing sepédah motor utawa pit. Saka wanguné ana wwerna-werna gumantung panganggoné. Yèn modhèl pit onthèl iku sadhelé cendhèk lan lancip bentuké, yèn motor dawa lan njebèr. Ing jaman saiki modhèl sadhel bisa diganti-ganti gumantung seléra.