Sabuk
Sabuk yaiku pita kang fleksibel, biyasané digawé saka kulit utawa bahan liya kang ora gampang suwèk.[1] Sabuk dianggo ing sakupengé bangkekan, kena uga kanggo ngencengi clana utawa rok supaya ora mlorot.[1] Saliyane iku, sabuk uga kena kanggo gaya utawa mode.[1]
Sabuk wis dianggo wong wadon apa déné wong lanang wiwit Zaman Perunggu.[1] Ing jaman modern saiki, wong-wong mulai nganggo sabuk wiwit taun 1920-an, tujuwané supaya celana kang dianggo ora mlorot.[1] Sadurungé iku, sabuk mung dianggo kanggo hiasan.[1] Ing olahraga karaté uga nggunakake sabuk, ananging sabuk iki kanggo mrantandani tingkatan ing karaté.[2] Tanda iki bisa dituduhaké saka werna sabuk kang dianggo pemain karate. [1]Sabuk uga ana gandheng cenenge karo militer.[1] Jinisé sabuk ana akéh, kayata sabuk tatahan, sabuk jinis iki digawé saka kulit utawa bahan kang mirip karo kulit.[1] Sabuk uga kena dihiasi karo logam.[1] Sabuk wis umum ing kalangan mode kayata mode punk, émo, lan metal.[1]
Sabuk pengaman yaiku sabuk kang ana ing mobil.[1] Biyasané némplék ing kursi mobil.[1] Sabuk iki duwéni fungsi kanggo ngamanaké wong kang numpak mobil.[1] Sabuk pengaman uga dipasang ing montor mabur.[1] Carané nganggo kanthi ngraketké utawa masang ing awak.[1]
Ing olahraga karate uga nggunakaké sabuk, ananging sabuk iki kanggo mrantandani tingkatan ing karaté. [2] Tanda iki bisa dituduhaké saka werna sabuk kang dianggo pemain karaté.[2]
Chatetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.