SN Ratmana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Barkas:SN Ratmana.jpg
SN Ratmana

SN Ratmana utawi ingkang gadhah nama asli Ratmana Soetjiningrat inggih punika salah satunggaling sastrawan Indonésia angkatan 66 ingkang miyos wonten ing Kuningan, Jawa Kulon ing tanggal 6 Maret 1936.

Biografi[besut | besut sumber]

SN Ratmana sampun naté ngrampungaken sekolahipun ing pendhidhikan SD (1950), SMP (1953), SMA-A (1956) lan kursus B-1 ngèlmu alam ing Semarang (1960).[1] SN Ratmana inggih kalebet punggawa nagari. Piyambakipun sampun naté dados guru Ilmu Fisika ing SMA nagari Tegal[2], lajeng naté dados Kepala Sekolah ing kalih SMA Negeri, lan ingkang kaping pungkasan, piyambakipun dados pengawas SMP/SMa Kabupatèn Tegal. Wiwit taun 1996, Ratmana sampun wiwit pensiun, nanging naté njabat dados Ketua Dewan Pendidikan Kota Tegal ugi. Ratmana sampun remen nyerat carkak wiwit piyambakipun taksih sinau ing tingkat SMA ing SMA Negeri Pekalongan, lan sapunika piyambakipun dumunung ing dalemipun ing Tegal. Ngantos sapunika, Ratmana sampun ngasilaken carkak ingkang cacahipun kirang langkung 75 carkak, kanthi 42 cerpenipun sampun kapacak wonten ing tigang buku kempalan carkak, kanthi irah-irahan Sungai, Suara dan Luka (Sinar Harapan, 1981), Asap itu Masih Mengeptil (Balai Pustaka, 1977) saha Dua Wajah dan Sebuah Sisipan (Kepelpress, 2001). Karyanipun ugi wonten ingkang kapacak wonten ing antologi carkak ingkang menang sayembara Kincir Emas Radio Nederland Wereldomroep, Dan Jodoh Sampai Supiyah (1975), Angkatan 66 (1968), Jakarta 30 Cerpen Indonesia (Dewan Basa dan Pustaka Malaysia), saha Dari Fansuri ke Handayani (Horison, 2001). Ketika Tembok Runtuh dan Bedil Berbicara (1966-1998) inggih novelipun ingkang sepisanan dipundamel lan naté dipundadosaken cariyos sambung (cerbung) ing Harian Republika (1999). Sasampunipun novèl punika, lajeng ingkang ugi kapacak wonten ing harian Kompas inggih punika novelipun ingkang angka kalih kanthi irah-irahan Sedimen Senja (2006).

Asiling Karya[besut | besut sumber]

Puisi[besut | besut sumber]

  • Persimpangan
  • Ia Berjalan Sendiri

Naskah Drama[besut | besut sumber]

  • Persimpangan (1963)
  • Bianglala (1972)
  • Tamu-tamu Sang Pengarang (1974)
  • Besok Matahari Akan Terbit, Anakku (1966)
  • Beo (1987)

Penyutradaraan[besut | besut sumber]

  • Villa yang Dijual (1963)
  • Perangkap Maut (1963)
  • Surat Pada Gubernur (1964)
  • Tuan Kondektur (1966)

Cerpen[besut | besut sumber]

Boten kirang saking 83 cerpenipun Ratmana sampun dipunwedalaken déning médhia cithak saha elektronik, ing médhia lokal, regional, saha nasional, lan 42 ing antawisipun sampun dipundadosaken dados satunggal ing buku kempalan carkak. Déné 10 cerpenipun ingkang paling énggal dipungabung ing satunggal novelet ingkang taksih prosès ing penerbitan. Cathetan ingkang wigati saking carkak-cerpenipun SN Ratmana inggih punika:

  • Pertama inggih punika cerpenipun ingkang kaping sapisan dipunwedalaken ing médhia cetak nasional, Majalah Kisah (1956)
  • Kubur, kapacak wonten ing buku Angkatan 66, Prosa dan Puisi, editor H.B. Jassin (1969)
  • Mendiang, carkak ingkang kapacak wonten ing tigang buku, inggih punika: Antologi Jakarta, 30 Cerpen Indonesia (Dewan Basa dan Pustaka, Kementrian Pelajaran Malaysia, (1982), Cerita Pendek Indonesia (Gramedia, Jakarta, 1980), dan buku Apresiasi Kesusastraan (editor Jakob Sumardjo dan Saini KM, 1986)
  • Sepi Tanpa Tepi kaimpun ing buku Dari Fansuri KeHandayani (Ford Foundation, 2001), buku Bidadari Sigar Rasa (Cakrawala Sastra Indonesia, Dewan Kesenian Jakarta, 2005), lan buku Riwayat Negeri Yang Haru (Cerpen Kompas Pilihan taun 1981-1990)
  • Tojo, mlebet ing antologi Kelamin Bagi Midin, Cerpen Kompas Pilihan taun 1970-1980 (Jakarta, 2003)
  • Errata lan Maghrib Menggelap, carkak ingkang dipundadosaken sinétron, ingkang dipungarap déning Imam Tantowi lan Chaerul Umam, dipuntingalaken ing stasiun LaTivi (2002)

Novèl[besut | besut sumber]

  • Anak Itu (192)
  • Yang Pernah Jadi Tokoh (1970)
  • Tombol (1987)
  • Slogan
  • Berlumur Merah Jambu (1988)
  • Helai-helai Merah Jambu (Cerbung Nirmala Post, 2007)
  • Ketika Tembok Runtuh dan Bedil Bicara (Indonesiatera, 2002)
  • Sedimen Senja (Penerbit Kompas, 2005)
  • Lolong (2012)[3]

Buku-buku[besut | besut sumber]

  • Sungai, Suara dan Luka (Sinar Harapan, 1981)
  • Asap Itu Masih Mengepul (Balai Pustaka, 1987)
  • Dua Wajah dan Satu Sisipan (Kepel Press, 2001)
  • Soetji Menulis di balik Papan Tulis (Wacana Bangsa, 2005)
  • Ketika Tembok Runtuh dan Bedil Bicara (IndonesiaTera, 2002)
  • Sedimen Senja (Penerbit Buku Kompas, 2005)

Penghargaan[besut | besut sumber]

  • Saking TVRI Stasiun Pusat Jakarta kanggé naskah drama Bianglala (1972)
  • Saking TVRI Stasiun Pusat Jakarta kanggé naskah drama Tamu-tamu Sang Pengarang (1974)
  • Saking Radio Nederlan Wereld Omroep untuk carkak Kerisik Daun-daun Pohon Mangga sebagai pemenang sayembara Kincir Emas, (1975)
  • Saking Kantor Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Kota Tegal sebagai Guru Teladan (1980)
  • Saking Mendikbud, minangka Penulis Sastra saking buku Asap Itu Masih Mengepul (2000)
  • Saking Dewan Kesenian Jawa Tengah, pikantuk Pakarti Seni (2005) [4]
  • Saking Pamaréntah Kota Tegal, pikantuk Pakarti Seni (2008)

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [1] Archived 2009-12-21 at the Wayback Machine. Penulis S.N. Ratmana (dipunundhuh tanggal 26 Januari 2013)
  2. [2] Archived 2013-01-18 at the Wayback Machine. Dari S.N. Ratmana hingga Obrolan tentang Penulisan Teks Cerpen (dipunundhuh tanggal 26 Januari 2013)
  3. [3] Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine. LOLONG: Sebuah Rekam Jejak Sajarah di Satu Sudut Pantura (dipunundhuh tanggal 26 Januari 2013)
  4. [4] Archived 2011-12-03 at the Wayback Machine. S.N. Ratmana (dipunundhuh tanggal 26 Januari 2013)