SA-7 Grail
9K32 "Strela-2" (basa Rusia: 9К32 "стрела-2" - panah, kode NATO SA-7 "Grail") kuwi peluru kendhali darat udhara ketinggian cendhèk jinjing, sing diluncuraké saka pundhak, sing setara karo REDEYE Amérika Sarékat, kanthi hulu ledhak high explosive lan penuntun infra abang pasif. SA-7 kuwi generasi pisanan peluru kendhali anti pesawat jinjing prodhuksi Uni Sovyet, lan dioperasèkaké pisanan ing taun 1968. Senadyan SA-7 nduwèni kakurangan ing babagan jarak jangkau, kacepatan, lan katinggian, penggunaané bisa meksa pilot pesawat sing nyerang supaya mabur luwih dhuwur saka katinggian efektifé lan nyebabaké resiko kanggo kadeteksi radar lawan utawa sistem anti pesawat liya. SA-7 kuwi peluru kendhali pemburu ekor pesawat sing kemampuané gumantung marang kapinteran peluncur kanggo ngunci panas sing disemburaké déning pesawat lawan sawisé liwat. Bab iki biasané dianggep wis telat, amarga sawisé pesawat liwat tegesé serangan saka pesawat kasebut kemungkinan besar wis dilakokaké.
Versi segara saka rudal iki disebut SA-N-5.