Ségolène Royal
Marie Ségolène Royal (lair ing Dakar, Senegal, 22 September 1953; umur 59 taun) yaiku sawijining politikus saka Prancis.[1] Royal yaiku presiden wilayah Poitou-Charentes, anggota Dewan Nasional Prancis, lan anggota saka Partai Sosialis.[1] Nalika tanggal 16 November 2006 anggota-anggota Partae Sosialis milih Royal kanggo dadi kandidate ana ing pemilihan presiden taun 2007.[1] Pencalonane Royal diperkuat kanthi ngajak mantan perdana menteri Lionel Jospin, mantan Menteri Perdagangan Dominique Strauss-Kahn, lan mantan perdana menteri Laurent Fabius.[1] Iki dilakukokake kanggo nguataké posisine nalika ngrebutake kursi pimpinan paling dhuwur ing Perancis.[1] Sakwise ana ing masa kampanye kang ketat, Royal dianggep kalah dukungan saka kandidat utama yaiku Nicolas Sarkozy.[1] Ana ing jajak pendapat, Royal kalah saka Sarkozy.[1] Kampanyene terguncang nalika ketua kebijakan ekonomi partai Eric Besson ngundurke diri lan mbalekake kartu keanggotaan partaene.[1] Eric mundur merga alesan ora bisa ndukung perilaku Royal nalika njalanake kampanye.[1] Katelu tokoh sosialis kang gabung karo Royal iku diperkirakake bisa ngabungake partae kanggo ndukung calon siji.[1]
Biografi [sunting]
Royal yaiku lulusan ENA (Sekolah Administrasi Nasional) lan Sciences Po.[2] Dheweke makarya dadi hakim (conseiller) ing sawijining pengadilan administratif sakdurunge gabung dadi staf Presiden François Mitterrand taun 1982.[2] Miturut riwayat uripe kang resmi , Ségolène Royal yaiku "chargée de mission" (wakil resmi lan penasihat khusus) François Mitterrand nalika periode 1982-1988.[2]