Sébastien Loeb
Cithakan:Infobox WRC driver Sebastien Loeb (lair 26 Februari 1974; umur 38 taun) iku sawijining pereli montor profésional asal Prancis. Sapuniki panjenengané mbalap ing ajang World Rally Championship bebarengan tim Citroen. Prèstasi paling apik yaiku dadi juwara donya WRC saka musim 2004 tekan 2008. Nalika musim 2008, panjenengané dadi Juwara Donya kanggo kaping limané maturut-turut, uga nugel rékor Tommi Makinen lan Juha Kankkunen.
Loeb miwiti dhebut WRC-né ing taun 1999. Wektu iku panjenengané mung mudhun minangka pambalap panguji lan durung mudhun penuh ing samusim. Nalika musim 2002 panjenengané wiwit mudhun penuh ing ajang WRC. Kamenangan pisanan Loeb diranggèh ing reli Jerman 2002. Malah nalika musim 2003 panjenengané duwé peluang kanggo ngrebut gelar donya pisanané, émané panjenengané gagal ing wektu-wektu akir déning Petter Solberg.
Nalika musim 2006-07 panjenengané saingan ketat karo Marcus Gronholm. Nanging nasib becik jebulé isih mihak Loeb. Senajan Gronholm wis usaha kanthi becik wiwit reli pambuka, nanging panjenengané malah gagal ing wektu akir, pungkasané Loeb bisa nyusul Gronholm uga ngranggèh gelar ing musim 2006-07.
Loeb saiki pasangan karo co-driver Daniel Elena, lan duwé kanca satim sing padha tangguhé, yaiku Daniel Sordo saka Spanyol.
[sunting] Pranala njaba
[sunting] Prèstasi
- Juwara Donya WRC 2004, 2005, 2006, lan 2007
[sunting] Tim
- Citroën (2001-saiki)