Ryan Phillippe
| Ryan Phillippe | |
|---|---|
Phillippe at the premiere of The Bang Bang Club, during the 2010 Toronto International Film Festival. |
|
| Pakaryan | Actor |
| Garwa | Reese Witherspoon (m. 1999–2007; 2 children) |
Ryan Phillippe ingkang nggadhahi asma jangkep Matthew Ryan Phillippe (lair ing New Castle, Delaware, Amérika Sarékat, 10 September 1974; umur 37 taun) inggih menika satunggalipun aktor saking Amérika Sarékat.[1] Panjenenganipun langkung misuwur amargi dados paraga Billy Douglas ing opera sabun One Life to life taun 1992-1993. Taun 1990-an Ryan main film I Know What You Did Last Summer, Cruel Intentions, lan 54.[1]
[sunting] Biografi
Taun 1995 Ryan miwiti karier minangka bintang film Crimson Tide lan White Squal, lan ing film horor I Know What You did Last Summer (1997) ingkang main film sareng kaliyan [[Sarah Michelle Gellar]], Freddie Prinze, Jr. lan Jennifer Love Hewitt, nami Ryan langkung misuwur ing jagad film bioskop.[2] Ryan sukses maragakaken Sebastian Valmont wonten ing film Cruel Intentions taun 1999, minangka paraga Tom Hansen wonten ing film Crash taun 2005, minangka paraga John 'Doc' Bradley wonten ing film Flags of Our Fathers taun 2006, lan minangka paraga Eric O'Neill wonten ing film Breach taun 2007.[2] Ryan Phillippe nate dados garwanipun artis Eese Witherspoon.[2] Kakalihipun pegatan tanggal 15 Mei 2007.[2] Saking palakrami menika Ryan lan Eese kagungan putra kalih Deacon Phillippe lan Ava Elizabeth Phillippe.[2]
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ a b (en)In Step With...Ryan Phillippe dipunundhuh tanggal 19 Juli 2011)
- ↑ a b c d e (id)[http://selebriti.kapanlagi.com/hollywood/r/ryan_phillippe/ Profil Ryan Phillippe] dipunundhuh tanggal 19 Juli 2011)