Rudy Hartono
| Rudy Hartono | |
|---|---|
![]() |
|
| Informasi Pribadi | |
| Jeneng jangkep | Rudy Hartono Kurniawan Chinese: Nio Hap Liang [1] |
| Tanggal lair | Cithakan:Miyos lan yuswa |
| Papan lair | Surabaya, Jawa Wétan[1] |
| Dhuwur | 1.78 m (5 ft 10 in) |
| Tunggal Pria | |
| Negara | |
| Tangan sing dipigunaaké | Kanan |
Rudy Hartono Kurniawan (Hanzi: 梁海量, Nio Hap Liang; translasi fonetik nama Indonésianipun dhateng basa Tionghoa: 哈托诺 Hatuonuo; lair ing Surabaya, Jawa Wétan, 18 Agustus 1949; umur 63 taun) inggih menika tilas atlet badminton Indonésia.[2] Panjenengan naté menangaken kajuwaraan donya ing taun 1980, lan Kajuwaran All England ngantos wolung taun nalika taun 1960-an lan 1970-an.[2][3]
Bab lan Paragraf |
Kariér Profesionalipun [sunting]
Sasampunipun ndhèrèk grup kagungan ramanipun, wusananipun Rudy lajeng pindhah dhateng grup badminton ingkang langkung ageng inggih menika Rajawali Group ingkang sampun kathah ngasilaken atlet badminton donya.[3] Wiwitanipun ndhèrèk grup menika, Rudy sampun ngraos manggihi papan ingkang saé kanggé ngembangaken bakatipun.[3] Ananging sasampunipun pikantuk panyaruwé saking ramanipun, Rudy lajeng pindhah ndhèrèk Pusat Pelatihan Nasional kanggé Thomas Cup ing pungkasanipun taun 1965.[3]
Sasampunipun ndhèrèk Pusat Pelatihan Nasional kanggé Thomas Cup, kawasisanipun dados minggah.[3] Rudy dados salah satunggalipun anggota tim Thomas Cup ing taun 1967.[3] Satunggal taun salajengipun, ing yuswa 18 taun panjenenganipun pikantuk juwara satunggal ing Kajuwaran All England kanthi ngalahaken pemain Malaysia Tan Aik Huang kanthi skor 15-12 lan 15-9.[3] Salajengipun Rudy dados juwara ing taun-taun salajengipun ngantos taun 1974.[3]
Préstasi [sunting]
- Juwara tunggal putra All England ngantos ping 8 (1968, 1969, 1970, 1971, 1972, 1973, 1974, lan 1976),
- Runner-Up All England 2 kali (1975, 1978),
- Juwara bersama Tim Indonésia dalam Thomas Cup ping 4 (1970, 1973, 1976 lan 1979),
- Juwara Dunia World Championship 1980,
- Juwara Denmark Open ping 3 (1971, 1972, 1974),
- Juwara Canadian Open ping 2 (1969, 1971),
- Juwara US Open 1969,
- Juwara Japan Open 1981,
- Ketua Bidang Pembinaan PB PBSI (1981-1985).
Bebingah [sunting]
- Asian Heroes, TIME Magazine 2006,
- Olahragawan paling sae SIWO/PWI (1969 lan 1974),
- IBF Distinguished Service Award 1985,
- IBF Herbert Scheele Trophy 1986 – panampi kapisan,
- Honorary Diploma 1987 saking the International Committee’s “Fair Play” Award,
- Tandha Kaurmatan Républik Indonésia Bintang Jasa Utama.
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b {{cite web|url=http://www.time.com/time/asia/2006/heroes/ae_hartono.html |title=60 Years of Asian Heroes: Rudy Hartono |publisher=TIME Magazine |accessdate=2008-03-26}}
- ^ a b (id)Rudy Hartono dipunundhuh tanggal 6 Oktober 2011)
- ^ a b c d e f g h (id)Rudy Hartono, Sang Juara Bulutangkis Sejati Kebanggaan Indonesia dipunundhuh tanggal 6 Oktober 2011)
Pranala Njawi [sunting]
(id)Rudy Hartono, Sang Juara Bulutangkis Sejati Kebanggaan Indonesia
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
