Rudi Sudjarwo
| Rudi Sudjarwo | |
|---|---|
| Lair | 9 November 1971 (umur 41) |
| Pagawéyan | sutradara |
| Taun aktif | 1997 - saiki |
| Wong tuwa | Anton Soedjarwo |
Rudianto Soedjarwo (lair ing Bogor, Jawa Kulon, 9 November 1971; umur 41 taun)[1] iku salah sijiné sutradara kang asalé saka Indonésia.[1] Rudi Sudjarwo iku anaké Anton Soedjarwo (Kapolri 1982-1986).[1]
Bab lan Paragraf |
Karir [sunting]
Rudi Soedjarwo mèlu mrakarsai ing ngadegé indhustri pafilman Indonésia sawisé wis suwé rada kurang ngrembaka.[1] Rudi Sudjarwo dikenal dadi sutradara kang bisa mbangun film kang nduwèni genre remaja.[1] Kawiwitan saka film kang judhulé Ada Apa dengan Cinta?.[1] Film iki kalebu film kang misuwur.[1] Film iki uga kang nggawé jeneng Dian Sastrowardoyo kang dadi pemain wadon ing film iku sangsaya misuwur.[1] Rudi Sudjarwo éntuk bebungah arupa Piala Citra ing kompetisi Fèstival Film Indonésia (FFI) nalika taun 2004.[1] Saliyané iku, Rudy Sudjarwo uga dadi sutradara paling apik.[1]
Saliyané makarya lan ngembangaké bakaté kanthi nggawé film, Rudi Sudjarwo uga mulang ing Reload Film Center.[1] Reload Film Center iku sekolah film kang dibangun Rudi Sudjarwo bareng karo Monty Tiwa.[2]
T2 kang nduwèni anggota Tika lan Tiwi tau nolak tawaran main film saka sutradara Rudi Sudjarwo.[3] Tika lan Tiwi nolak amarga film kang ditawakaké kalebu film horor.[3]
Pendhidhikan [sunting]
Pendhidhikan Rudi Sudjarwo.[1]
- SD Tarakanita Jakarta (1981)
- SMP Tarakanita Jakarta (1987)
- SMA Gonzaga Jakarta (1990)
- San Diego State University (bidang manajemen, 1994)
- Academy of Arts College San Francisco (1996)
Prèstasi [sunting]
Prestasi Rudi Sudjarwo.[1]
- Sutradara Paling Apik JIFFEST 2006 (Jakarta International Film Festival)
- Sutradara Paling Apik piala Vidia di FFI 2006, kanggo Ujang Pantry 2
- Sutradara Paling Apik Fèstival Film Indonésia 2004
- Sutradara Paling Apik Fèstival Film Internasional Bali 2004, kanggo film Mengejar Matahari
Filmografi [sunting]
Film kang dibintangi Rudi Sudjarwo.[1]
- Bintang Jatuh (2000)
- Tragedi (2001)
- Ada Apa dengan Cinta? (2002)
- Rumah Ketujuh (2003)
- Mengejar Matahari (2004)
- Tentang Dia (2005)
- 9 Naga (2005)
- Mendadak Dangdut (2006)
- Ujang Pantry 2 (2006)
- Pocong (2006) - dilarang beredar
- Pocong 2 (2006)
- Mengejar Mas-Mas (2007)
- Cintapuccino (2007)
- 40 Hari Bangkitnya Pocong (2008)
- In the Name of Love (2008)
- Liar (2008)
- Sebelah Mata (2008)
- Hantu Rumah Ampera (2009)
- Batas (2011)