Rossa
| Rossa | |
|---|---|
Rossa |
|
| Latar mburi | |
| Jeneng lair | Sri Rossa Roslaina Handayani |
| Lair | 9 Oktober 1978 (umur 33) |
| Jeneng liya | Rossa, Ocha |
| Jinis Musik | Pop |
| Perdamelan | penyanyi, artis |
| Instrumèn | Vokal |
| Taun aktif | 1995-saiki |
| Parusahan rekaman | Trinity Optima Production |
| Situs resmi | http://www.pecintarossa.com/ |
Rossa penyanyi Indonesia kang anduweni jeneng lengkap, Sri Rossa Roslaina Handiyani (lair ing Sumedang, 9 Oktober 1978; umur 33 taun) kang kondhang amarga nembangaké tetembangan sedhih, kayata Nada-Nada Cinta, Tegar, Hati Yang Terpilih, Atas Nama Cinta, Kini, Ayat-Ayat Cinta, Hey Ladies, Hati Yang Kau Sakiti, Tega, Cerita Cinta, Pudar, Ayar Ayat Cinta dan Tega, Dheweké penyanyi musik pop.[1] Kamampuan nyanyiné diturunaké saka ibuné, Eni Kusmiani, kang saiki dadi mantan penyanyi Cianjuran lan bapané kuwi wiraswasta, asma bapané Ukas Hasan Irawan. [1] Dheweké dhewe kuwi anak kaping pisanan saka telung saudara, dheweké anduweni adhi kang arané Iwan lan Hendra.[1]
Debut album Rossa kang pisanan judulé UNTUK SAHABATKU, dirillis ning taun 1988, isiné tetembangan anak-anak kang alunan musiké dikerjakaké dening Franky Sahilatua, James F Sundah, Uce F Tekol, Areng Widodo lan Alex Lia.[1]
Sawisé ngrilis album kang pisanan, dheweké ngrilis album kang kaping loroné.[1] Album kang kaping loroné kuwi judulé NADA NADA CINTA, dirilis nalika taun 1996.[1] Tetembangan kang ana ning album kasebut olih sambutan kang apik saka masarakat.[1] Dheweké tambah kondhang nalika ngrilis album kang judulé TEGAR (2000), ning tetembangan kang ana ning album kasebut uga dadi theme-song sinetron kang diarahaké dening Putu Wijaya.[1] Sinetron kuwi judulé SUAMI, ISTRI DAN DIA.[1] Sinetron kasebut diputer ning stasiun TV, RCTV.[1]
Dheweké lulusan saka Universitas Indonesia jurusan FISIP nalika Februari 2002.[1] Anduweni anak siji kang diwenehi jeneng Rizky Langit Ramadhan.[1]
[sunting] Album-album
Album-album dening Rossa[1]:
- HATI YANG TERPILIH (2000),
- KINI (2002),
- KEMBALI (2004).
- YANG TERPILIH, album iki isiné tetembangan kang dinyanyikaké maneh. Malah, album iki uga dirilis ning Malaysia nalika sasi Mei taun 2007.
- ROSSA (2009)
Amarga dheweké sukses anggoné milih karir solo, dheweké dipercaya kanggo nyanyikaké soundtrack film religi kang judulé AYAT-AYAT CINTA. [1] Direwangi karo artis Melly Goeslaw, Rossa nrilis album OST AYAT-AYAT CINTA nalika taun 2008.[1]
26 November taun 2008 dheweké ngadakaké konser tunggal. [1] Konser tunggal kuwi temané Persembahan Cinta, konser iki direwangi karo komposer kodhang, Erwin Gutawa lan Jay Subiakto dianakaké ning Jakarta Convention Center (JCC).[1]
Taun 2009, dheweké ngrilis albumé kang kaping lima.[1] Nalika taun kuwi, dheweké lagi ana masalah anggoné bebrayanan karo Yoyo.[1] Album kuwi dijuduli ROSSA (2009) karo tetembangan kang dadi andalan yaiku Terlanjur Cinta kang diripta dening Yoyo. [1] Tetembangan mau dinyanyikaké sacara duet bareng karo Pasha Ungu.[1]
Tanggal 22 Juni taun 2009, Rossa ngajukaké gugatan cerai marang bojoné, Yoyo. [1] Sidang kang pisanan dilaksanakaké nalika tanggal 30 Juni taun 2009 lan nalika tanggal 14 Juli taun 2009, pasangan iki sah anggoné cerai.[1] Taun 2011, Rossa olih gelar bangsawan Mas Ayuu Tumenggung Sri Rossa Swarakaloka saka keraton Surakarta, salah sijiné keraton kang gedhe ning Indonésia.[2]