Rosetta
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Rosetta utawa Rashid (Basa Arab رشيد) iku sawijining kutha palabuhan ing Dèlta Kali Nil, Mesir. Kutha iki misuwur amerga ing kéné ing taun 1799 ditemokaké Watu Rosetta, sawijining prasasti ing rong basa, yaiku basa Yunani lan basa Mesir ing rong aksara. Pedunung kutha iki kira-kira ana 60.000 jiwa.