Romy Rafael
| Romy Rafael | |
|---|---|
![]() |
|
| Lair | Romy Tunggul Widodo 12 Juli 1977 (umur 34) |
| Pagawéyan | Pesulap |
| Taun aktif | 2006 - saiki |
Romy Rafael nami aslinipun Romy Tunggul Widodo (lair ing Surabaya, Jawa Timur, 12 Juli 1977; umur 34 taun).[1] Misuwur dados pesulap saking Indonésia.[2] Ananging Romy Rafael nolak mboten purun dipunwastani pesulap amargi bidhang ingkang dipunsinaoni samenika hipnotis, miturut Romy, sulap menika bènten kaliyan hipnotis amargi sulap mboten wonten unsur magic.[2] Romy Rafael asring ngginakaken tutup mustaka ingkang werninipun cemeng punika nyinaoni hipnotis saha ginanipun kirang langkung sekawan taun wonten Amerika, kadosta wonten ing Hypnotism Training Institute, Ultimate Stage Hypnotism Institute, saha Institute for Neuro Research and Education.[2] Romy sapunika nguwaosi ilmu hipnotis kanggé panggung saham hiburan, klinis (pengobatan masalah-masalah psikis), medis (kedokteran), saha hipnosis kanggé bisnis saha perusahaan. [2] Sasampunipun wangsul wonten Indonésia, Romy milih jalur entertainment kangge ngrembakakaken katrampilanipun.[2] Punika amargi Romy kepengin ngicalaken jesan mboten sae saking hipnotis ingkang samangké misuwur dados ilmu kangge kejahatan saha kriminal.[2] Romy Rafael ugi mbikak Klinik Romy Rafael Hypnotheraphy wonten ing bilangan Jakarta Selatan.[2] Romy nerangaken menawi klinik menika saged marasaken tiyang ingkang nandang penyakit jiwa kadosta stres, depresi, phobia (keweden), saha ngicalaken kabiyasaan ingkang ala kadosta ngrokok saha ngginakaken obat-obatan ingkang dipunlarang negara.[2] Kanggé mbikak praktik terapi punika, Romy sampun nggadhahi sertifikat saking American Board of Hypnotherapy (A.B.H.), National Guild of Hypnotism (N.G.H.), IACT saha ITTO kanthi pengalaman langkung saking gangsal taun wonten ing bidhang hipnotis klinis saha medikal.[2] Kejawi mbikak klinik, Romy ugi nyerat buku ingkang irah-irahaipun Hipnoterapi: Quit Smoking! nalika taun 2006. [2] Buku menika isinipun panuntun kanggé ngicalaken kecanduan rokok. [2]
[sunting] Cathetan suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
