Robert Adler
Robert Adler yaiku penemu remot control.[1] Remot control yaiku piranti kanggo ngganti tayangan tipi saka channel 1 dadi chanenel liyane.[1] Dheweke lair ing Viena, Australia taun 1913. [1]Dheweke entuk gelar doctor fisika saka University of Vienna nalika umur 24 taun.[1]Banjur dheweke ngalih ana ing Amerika Serikat, lan nyambut gawe ing pusat Zenith Electronics Corporation.[1] Nalika taun 1950, pusat riset Zenith Elektronics Corporation, panggonan Adler nyambut gawe, gawe remote control tipi kang wiwitan kang diwenehi jeneng lazi bones.[1] Fiture isih biasa-biyasa, mung ana tombol on lan off.[1] Banjur nalika taun 1955, Zenith gawe sawijining remot tanpa kabel kang darani falasmatic.[1] Prinsip kerjane yaiku nggunakake lampu kang diarahake marang sel penangkap cahya kang dideleh ana ing pojokan tipi. [1]Mung wae, sel mau uga bias nyekel cahya srengenge mula tipi dadi ora bener.[1] Kanthi cerdas, dheweke menehi solusi kanggo parkara mau.[1] Adler yakin menawa komunikasi karo tipi nganggo swara bakal luwih apik tinimbang nggunakake cahya. [1]Swara kang digunakake yaiku swara frekuensi dhuwur kang ora bisa dirungokake manungsa yaiku swara ultrasonik. [1] Konsep remote gaweane Adler dewe luwih ringkes amarga ora nggunakake tenaga batre. [2]Remot mau bisa digunakake nalika logam aluminium di senggolake, banjur swarane dicekel dening tipi kanggo ngubah channel, swara, utawa power. [2]Remot iki bisa mudunake 30 % ongkos gawene.[2] Adler tinggal donya ana ing Boise, Idaho, Amerika Serikat nalika tanggal 15 Pebruari 2007.[2]
