Robérto Carlos
| Informasi pribadi | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng pepak | Roberto Carlos da Silva | ||
| Tanggal lair | 10 April 1973 (umur 40) | ||
| Papan lair | Garça, São Paulo, Brasil | ||
| Dhuwur | 1.68 m (5 ft 6 in) | ||
| Posisi pamain | Bèk sayap kiwa | ||
| Informasi klub | |||
| Klub saiki | Anzhi Makhachkala | ||
| Nomer | 3 | ||
| Karir senior* | |||
| Taun | Tim | Apps (Gls)† | |
| 1990–1993 1993–1995 1995–1996 1996–2007 2007–2009 2010–2011 2011–kini |
União São João Palmeiras Internazionale Real Madrid Fenerbahçe Corinthians Anzhi Makhachkala |
33 (1) 44 (3) 30 (5) 370 (47) 65 (6) 35 (1) 1 (0) |
|
| Tim nasional‡ | |||
| 1992–2006 | 125 (11) | ||
| * Senior club appearances and goals counted for the domestic league only and correct as of 12 Maret 2011. † Appearances (Goals). |
|||
Robérto Carlos iku salah siji pemain bal-balan saka Brasil.[1] Dheweke anggone bal-balan dadi bek kiwa. Carlos ing sasuwene bal-balan wis tau melu ing tim kang misuwur, kayata Palmeiras, Inter Milan, Real Madrid, lan Fenerbahce.[1]
Bab lan Paragraf |
Klub [sunting]
Roberto Carlos suwe anggone urip ing donya bal-balan. Ing ngisor iki ana tim bal-balan kang wis tau ngotrak dheweke.
Palmeiras [sunting]
Robérto Carlos miwiti urip ing ndonya bal-balan nalika dheweke nandhatangani kontrak karo Palmeiras, liga Brasil. Robérto Carlos nalika ing Palmeiras anggone bal-balan katon apik, mula akeh tim-tim ing Eropa akeh kang padha rerebutan kanggo ngentukake jasane pemain bal kang misuwur nduweni sadhukan sikil kiwa kang banter.[1] Saka Palmeiras, Robérto Carlos banjur gabung ing Inter Milan.[1]
Inter Milan [sunting]
Robérto Carlos ing Inter Milan mung samusim.[1] Dheweke ngakoni yen tim-tim Italia nduweni kekuwatan ing bek kang apik. Ing taun 1995–1996, Carlos mlebu ing timnas Brasil, lan melu mbela Brasil ing Olimpiyade, nanging dheweke asring dadi pemain cadhangan. Ing taun iku Brasil mung kasil medhali perunggu saka Olimpiyade.[1]
Real Madrid CF [sunting]
Ing taun 1996, Real Madrid resmi ngontrak Robérto Carlos kanggo nambahi tenaga ing bek Real Madrid.[1] Ing Real Madrid, Robérto Carlos betah nganti 11 taun lan wis nyetak 47 gol saka 370 pertandhingan.[1] Cacahe Carlos main ing Real Madrid kaping 584 lan wis gawe 71 gol ing kabeh kompetisi kang dilakoni dening Real Madrid. Januari 2006, Carlos mecahke rekor ing Real Madrid, dheweke pemain saka sajabane Spanyol kang wis main kaping 330. Dheweke mecahake rekor saka Alfredo Di Stefano kang wis main kaping 329.
Fenerbahce Istanbul [sunting]
Robérto Carlos main ing Fenerbache taun taun 2007 nganti 2009.[2]
Pranala njawi [sunting]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.