Risoles
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Risoles utawa risol iku sawijining panganan Indonésia arupa lembaran trigu tipis sing digulung lan diisêni karo ragout. Ragout iki samacem bubur saka trigu sing dicampur karo irisan daging pitik lan sawetara sayur, biasané wortel karo préi. Sawisé iku, gulungan sing rupané mèmper lun pia iki dilapisi karo bubuk roti lan digorèng ing lenga panas.
Asal-usul [sunting]
Risoles iku asalé saka Eropah. Tembung iki dijupuk saka basa Walanda rissole sing asliné njupuk saka basa Prancis utawa Latin.