Rio Febrian

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Rio Febrian Samandan
Rio Febrian.jpg
Biodata
Lair 25 Februari 1981 (umur 31)
Asal Flag of Indonesia.svg Jakarta, Indonesia
Genre Pop
Pakaryan Penyanyi
Pasangan Sabria Kono
Situsweb http://riofebrian.com

Rio Febrian (lair ing Jakarta, 25 Februari 1981; umur 31 taun) inggih menika jaler saking keturunan Betawi lan Manado.[1][2] Rio nggadhahi profesi minangka penyanyi.[1] Saderengipun terjun dhateng indhustri rekaman, Rio asring ndherek lomba nyanyi.[1] Kompetisi ingkang kapisan nalika umuripun nembe sangang taun, ing Kutha Bogor.[1] Saderengipun album solo ingkang perdana dipunrilis, ing taun 2000 kaliyan Erra Fazira saking Malaysia, Rio nyanyi lagu lawas karyanipun Fariz RM ingkang dipunnyanyikaken kaliyan Neno Warisman, Nada Kasih.[1] Salajengipun Rio Febrian nherek grup Elfa's Choir.[1] Kaliyan Elfa's Choir, Rio ndherek kompetisi paduan swanten internasional, inggih menika ing adicara Choir Olympic 2000 ing Linz, Austria, lan pikantuk Juwara I Male Ensemble lan Juwara I Adult Choir.[1] Album ingkang kapisan dipunparingi irah-irahan sami kaliyan asmanipun Rio Febrian lan dipunrilis ing taun 2001, kanthi lagu unggulan karyanipun Yovie Widianto ingkang irah-irahanipun Bukan Untukku.[1] Wonten ing madyaning taun 2009, Rio ngliris albumipun ingkang nomer kalih Ku Ada Disini, lan hit singel kanthi irah-irahan ingkang sami.[1] Wonten ing album kasebat wonten tigang lagu karyanipun Rio piyambak, inggih menika lagu Rasa, Cinta Kita, lan Kasih.[1] Maret 2009, Rio nglisris albumipun ingkang paling enggal ingkang dipunparingi nami Aku Bertahan.[1]

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h i j k (id)Rio Febrian dipunundhuh tanggal 29 Juli 2011)
  2. (id)Situs pribadi dipunundhuh tanggal 29 Juli 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

[sunting] Pranala Njawi

(id)Rio Febrian

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Rio_Febrian&oldid=562624"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès