Ringgo Agus Rahman

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Ringgo Agus Rahman
Lair 12 Agustus 1982 (umur 29)
Flag of Indonesia.svg Purwakarta, Jawa Barat, Indonesia
Pagawéyan aktor, presenter

Ringgo Agus Rahman lair ing Purwakarta nalika tanggal 12 Agustus 1982. [1]Sadurungé dadi aktor, Ringgo iku salah sijiné penyiar Radhio ing Bandung.[1] Saliyané iku, Ringgo uga dadi presenter TV lan bintang iklan.[1]

[sunting] Karir

Jeneng Ringgo wiwit misuwur nalika main dadi tokoh Agus ing film lan sinetron kang judhulé JOMBLO.[1] Film iki digawe saka crita ing novel laris kang digawé Adhitya Mulya.[1] Ing film iki, Ringgo main karo Christian Sugiono, Dennis Adishwara, Rizky Hanggono.[1] Lumantar aktingé iki Ringgo banjur mlebu ing nominasi Festival Film Indonesia (FFI), ananging banjur kalah karo Albert Fakdawer ing DENIAS, SENANDUNG DI ATAS AWAN.[2]

Film Jomblo banjur banjur disiyaraké manèh kanthi bentuk serial tivi, ananging tokoh lan judhulé padha.[1] Ringgo uga main manéh dadi tokoh Agus, ananging serial film iki mung disiyaraké sedhela.[1] Saliyané main film lan sinetron, Ringgo uga tau dadi presenter ing acara tivi.[1] Ana program tivi kang cacahé loro kang disiyaraké yaiku Ala Ringgo ing RCTI lan Ringgo Star ing An TV.[1]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j (id)selebriti.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 17 Agustus 2011)
  2. (id)hot.detik.com(dipunundhuh tanggal 17 Agustus 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ringgo_Agus_Rahman&oldid=663587"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès