Rick Warren
| Rick Warren | |
|---|---|
| 280x220px | |
| Lair | Richard Duane Warren 28 Januari 1954 (umur 59) San Jose, California, United States |
| Kabangsan | American |
| Pakaryan | Pastor, Author |
| Agama | Southern Baptist, Evangelical |
| Garwa | Kay Warren |
| Website RickWarren.com |
|
Rick Warren (lair ing San Jose, California, Amérika Sarékat, 28 Januari 1954; umur 59 taun) yaiku wong kang ngedegna Greja Saddleback ing Lake Forest, California.[1] Greja iki dadi Greja paling gedhé nomer urut 8 ing Amérika Serikat.[1] Saliyané dadi pandhita, Rick warren uga nulis buku kang judhulé The Purpose Driven Church, buku iki wis kadol cacahé luwih saka sayuta buku ing 30 basa.[1] Buku iki uga dadi buku Kristiani kang mandhegani perubahan.[1] Saliyane buku iku, Rick Warren uga nulis buku kang nduwéni judhul The Purpose Driven Life (Hidup yang Digerakkan Oleh Tujuan).[2] Buku iki wis kadol luwih saka 30 yuta buku.[2] Buku iki uga kang ndadékaké Rick Warren dadi penulis buku bestseller New York Times.[2]
Rick Wareen iku pengarang Kristiani kang ngedegaké lan dadi pandhita ing Greja Saddleback.[3] Rick Warren uga dadi publik figur ing Amérika Serikat.[3]
- Rick Warren dadi pamimpin spiritual kang paling nduweni pengaruh lan dadi pandhita ing Amérika.[3]
- Salah saswijiné wong kang dadi America's Top 25 Leaders, iki ditetepaké tanggal 31 oktober 2005 ing News and World Report.[3]
- Salah sawijiné wong kang mlebu 15 besar pemimpin dunia ing 2004.[3]
- Kalebu 100 wong kang paling nduwéni pengaruh ing dunya.[3]
Rick Warren uga nduwéni pelayanan utawa ministry ing negara-negara ing dunya.[3]