Revo Arka Giri Soekatno
| Revo Arka Giri Soekatno | |
|---|---|
Revo Arka Giri Soekatno nalika melu Wikimania, Alexandria, Mesir ing taun 2008. |
|
| Lair | Revo Arka Giri Soekatno 2 Agustus 1975 (umur 37) Ambon, Indonesia |
| Kabangsan | Indonésia |
| Jeneng liya | Revi Soekatno |
| Alma mater | Universitas Erasmus Rotterdam Universiteit Leiden |
| Pagawéyan | Dosen Wiraswastawan Penulis Sastrawan |
| Website | |
| Profil di Facebook | |
Revo Arka Giri Soekatno (asma peparab Revo utawa Revi; lair ing Ambon, 2 Agustus 1975; umur 37 taun) iku salah siji sing ngadegaké Wikipedia basa Indonésia (WBI).[1] Revo ngentèkaké mangsa cilikané kanthi pindhah-pindhah panggonan miturut panempatan kerja wong tuwané. Kaloro wong tuwané asal saka Surakarta, Jawa Tengah. Revo uga dadi paneliti, wiraswastawan, lan panulis buku.
Bab lan Paragraf |
Etimologi[sunting]
Jeneng Revo Arka Giri nduwèni makna, kaya sing dingandikakaké bapaké yèn Revo kuwi cekakan saka tembung révolusi, amarga dilairaké ing sasi Agustus, sawijining sasi révolusi tumraping bangsa Indonésia. Nanging tembung iki bisa uga mèmper karo tembung rêver jroning basa Prancis sing maknané "ngimpi". Tembung Arka asal saka basa Sangskerta sing tegesé "geni" utawa "(panas) srengéngé". Déné Giri, sing uga asal saka basa Sangskerta, maknané "gunung". Dadi sacara wutuh, sang bapa ngarepaké, muga-muga Revo Arka Giri nduwèni impèn sing dhuwuré kaya srengéngé. sagedhé gunung lan terus murup kaya geni sing ora naté mati.[2]
Biografi[sunting]
- 1975: Ambon
- 1975 - 1978: Yogyakarta
- 1979 - 1981: Tokyo, Jepang
- 1981 - 1982: Denpasar, Bali
- 1981 - 1982: Jakarta
- 1983 - 1986: Semarang, Jawa Tengah
- ?: Belanda, Universitas Erasmus Rotterdam, jurusan Filsafat Ekonomi.
- ? - 1999: Universitas Leiden lan njupuk jurusan Sastra Jawa.
- 2006 - 2009: Universitas Leiden lan njupuk jurusan Sastra Jawa Kuna. Disertasi babagan Kidung Tantri Kediri.
Anyar iki Revo pinuju nyiapaké buku asesirah: Surat-surat Melayu mawa aksara Jawa sing digadhang bakal énggal kababar.[3]
Kiprah ing Wikipedia[sunting]
Patemon pisanan karo Wikipedia Indonesia nalika tanggal 13 Maret 2003. [4] Wektu semana Revo nuju golèk informasi ngenani suku Guanches ing Spanyol lan banjur nemokaké sawijining situs sing wektu iku isih kagolong "èlèk" lan "kurang pepak informasiné". [5] Revo nuli mangertèni yèn nyatané situs kasebut bisa di sunting déning sapa waé, lan sabanjuré wiwit mènèhi kontribusi ing situs iku. [6] Revo banjur diangkat dadi pangurus lan birokrat pisanan ing Wikipedia abasa Indonesia ing sasi Februari 2004. Ing taun 2004 Revo wis dadi narasumber lan sacara aktif ndhukung media ngenani Wikipedia Basa Indonesia sacara umum lan ing lingkup Wikipedia basa Indonesia iku dhéwé. Artikel pisanan sing digawé yaiku ngenani filsafat. Jroning artikel Tempo Revo njlèntrèhaké yèn senadyan kabèh wong bisa mènèhi kontribusi apa waé, Wikipedia isih ngupaya dadi ensiklopedia bébas, senadyan ana vandalisme biasané ora suwé amarga bisa didetèksi sapa waé panganggo liyané. [7] Ing taun 2007, Revo wis diwawancarai déning Chic Magazine (kalawarti wanita), lan jroning wawancara iki Revo nyurung supaya luwih akèh wanita mèlu nulis ing Wikipedia. [8] Revo uga naté tampil ing sawijining acara Metro TV minangka kontributor aktif Wikipedia basa Indonesia.[9] Panjenengané uga dadi pambuka acara jroning seminar Wikipedia, salah sijiné yaiku sing disponsori déning Kamentrian Komunikasi lan Informasi jroning ICT Award 2007,[10] ing ngendi para peserta nampa "pelatihan tangan" ngenani cara nyunting lan nulis ing Wikipedia. Jroning sawiji wawancara karo kantor berita Antara, Revo nyatakaké yèn tantangan tumrap Wikipedia basa Indonesia ing mangsa ngarep yaiku babagan akurasi informasi. Wikipedia basa Indonesia ing taun 2006 wis ana ing peringkat katelu ing Asia minangka versi lokal Wikipedia sing paling cepet tuwuh ngrembaka sawisé Jepang lan Cina.[10]
Cathetan sikil[sunting]
- ^ Amir Sodikin, Revo, Perintis Wikipedia bahasa Indonesia, KOMPAS, 26 Desember 2006.
- ^ Meursault2004, Pengguna:Meursault2004, Wikipedia, Ensiklopedia Bebas Berbahasa Indonesia, 16:41, 14 Desember 2006.
- ^ Kidam Nugraha, Kami Berusaha Menyajikan Informasi yang Berbobot. Interviews, SDA Asia Online, September 2005.
- ^ Majalah Chic Edisi 28 Februari - 13 Maret 2007. Artikel Figure.
- ^ Artikel Sosok, Harian Kompas, Selasa, 26 Desember 2006
- ^ TokohIndonesia.com: Revo Arka Giri Soekatno
- ^ Majalah Tempo: Ensiklopedia dari Kamar Kos
- ^ Gambar Revo sebagai Cover pada Chic Magazine edisi Februari-Maret 2007
- ^ You Tube: Record of Metro TV Jendela Dunia featuring Revo for Indonesian Wikipedia
- ^ a b (id) Antara: Indonesian Wikipedia: Third largest in Asia
Deleng uga[sunting]
Pranala jaba[sunting]
- (id) Revo Arka Giri Soekatno di SDA Asia Online
- (id) Revo Arka Giri Soekatno di Tokohindonesia.com
- (id) Revo Arka Giri Soekatno agar Wikipedia berbahasa Indonesia
- (id) Aktivis-aktivis situs web pembangun portal komunitas
- (id) Perpustakaan Nasional Gelar Seminar Pantheisme-Manunggaling Kawula Lan Gusti dalam Naskah Nusantara
- (id) Jendela Dunia - Wikipedia - Revo di YouTube.com dalam acara Metro TV
- (en) Revo Arka Giri Soekatno: Nurturing the Wiki movement
- (id) REVO ARKA GIRI SOEKATNO, Doktor Baru Bidang Studi Filologi Jawa