Respirometer
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 67 dinten 726 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Respirometer yaiku piranti kang digunakaké kanggo ngukur rata-rata napas organisme kanthi ngukur rata-ratané lironing oksigen lan karbon dioksida. Saka babagan iki bisa digunakaké kanggo panalitèn bilih faktor-faktor kayata umur lan cahya dadi pengaruhing rata-rata napas.
Respirometer sedhengan [sunting]
Respirometer sedhengan yaiku piranti kang bisa digunakaké kanggo ngukur kecepatan napas sawatara organisme urip kayata serangga, kembang, oyod, cambah kang seger. Manawa ora ana owah-owahan suhu, kecepatan napas bisa dinyataké ing ml/detik/g, yaiku akèhing oksigen kang digunakaké dèning makhluk kang dicoba saben 1 gram abot saben detik.
Komponen [sunting]
Rèspirometer iki kasusun saka rong bagèyan kang bisa dipisah, yaiku tabung spesimen (papan kéwan utawa bagèyan tetuwuhan kang ditliti) lan pipa kapiler skala kang dikaliberasikakè tliti nganti 0,01 ml. Bagèyan loro iku bisa didadèkaké siji saya rapet nganti kedap udara lan disèlèhaké ana ing papan tumpu (landhesan) kayu utawa logam.