Resi Ramabhargawa
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Resi Ramabhargawa punika putra wuragilè Resi Jamadagni. Nalika ingkang ibu, Dèwi Renuka kadengan déning ramané laku jina karo Prabu Citrarata, Rama Barghawa nindakaké dawuhé ramané, nuli disotaké dadi kéwan. Rama Barghawa kang mungkasi gawé, merjaya kang ibu kanti namaakaké jemparing. Ing tembé, ingkang rama, Resi Jamadagni, kaperjaya dèning Prabu Héhaya. Rama Bhargawa ora nrimakaké sédané ingkang rama. Tuwuh rasa gethingé marang kabèh satriya kang ditemoni. Rama Bhargawa amung bisa dikalahaké titisané Wisnu. Mula, sawisé nglakoni urip, Bhargawa nggolèki Prabu Rama, nedya pinerjaya.