Rene Laennec
Rene Laennec yaiku penemu stetoskop. [1]Dheweke lair ing Brittani, Prancis, nalika tanggal 17 Februari 1781. [1]Kawit cilik, dheweke duweni fisik kang lemes.[1] Dheweke kerep lara-laranen.[1] Pancen riwayat kesehatan kulawargane ora patiya apik.[1] Ibune tinggal donya marga penyakit TBC nalika umure 5 taun.[1] Sawise ibune tinggal donya, Laennec diopeni dening sedulure kang dadi pendeta.[1] Pitung taun candhake, dheweke melu sedulure kang dadi dekan fakultas kedhokteran.[1] Kawit kuwi, dheweke mulai nyinaoni elmu kedhokteran.[1] Nalika umur 14 taun, dheweke mulai ngrewangi ing rumah sakit.[1] Sawise kuwi, dheweke sinau ing La Charite Hospital lan lulus ing taun 1804.[1] Saliyane kuwi, dheweke uga sinau karo salah sawijining dhokter Napoleon, Kaisar Prancis nalika iku, kang jenene Corvisart.[1] Nalika sasi September 1818, Leannec diwenehi tugas minangka pemeriksa kahanan jantung wong wadon kang lemu. [1]
Amarga isin nempelake kupinge ing dadane wong wadon mau, banjur dheweke jupuk kertas lan nggulungake dadi bentuk silinder.[2] Kertas kang kang wis dibentuk silinder didadekake perantara antarane kuping karo dadane wong wadon mau.[2] Jebul, kanthi piranti prasoja mau detak jantung pasien mau bisa dirungokake luwih jelas. [2]Sawise mau, dheweke gawe stetoskop kang wiwitan. [2]Laennec tinggal donya nalika tanggal 13 Agustus 1826 ing Brittany.[2] Dheweke duweni penyakit TBC kang padha karo ibune.[2]