Remy Sylado
| Remy Sylado | |
|---|---|
| Lair | {{{birth_date}}} |
| Pagawéan | wartawan, sastrawan, dramawan, penulis |
| Kabangsan | |
Yapi Panda Abdiel Tambayong (Ejaan Republik: Japi Tambajong) utawa luwih dikenal karo jeneng pena Remy Sylado lair ing Makassar, Sulawesi Selatan 12 Juli 1945 yaiku salah sijiné sastrawan Indonesia.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Nalika cilik
Remy, nalika cilik tau manggon ing Semarang lan Solo.[1]
[sunting] Jeneng samaran
Remy duwé jeneng samaran akèh kayata "Dova Zila", "Alif Danya Munsyi", "Juliana C. Panda", "Jubal Anak Perang Imanuel", lan liya-liayné.[1] Sakliyané kegiatan ing bidang musik, seni rupa, teater, film, uga bisa akéh bahasa.[1]
[sunting] Karier
Remy mulai karier dadi wartawan majalah Tempo (Semarang, 1965), redaktur majalah Aktuil Bandung (wiwit 1970), dosen Akademi Sinematografi Bandung (wiwit 1971), ketua Teater Yayasan Pusat Kebudayaan Bandung.[2] Dhéwéké nulis kritik, puisi, cerpen, novel (wiwit umur 18), drama, kolom, esai, sajak, roman populer, uga buku-buku musikologi, dramaturgi, bahasa, lan teologi.[2] Remy terkenal amarga kekendhelané ngadhepi wong akèh liwat panggung-panggung drama kang dipimpin. Remy uga salah sijiné pelopor panulisan puisi mbeling.[2]
Sakliyané nulis novel, Remy uga pinter nggambar, drama lan ngerti babagan film.[2] Saiki Dhéwéké manggon ing Bandung.[2] Remy tau dianugerahi hadiah Sastra Khatulistiwa 2002, kuwi kanggo novel kang judhulé Kerudung Merah Kirmizi.[2]