Reca Dwarapala

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Reca Dwarapala kang ana ing Candhi Plaosan.

Situs Reca Dwarapala manggon ana ing sakuloné Candhi Singosari.[1] Reca iki digawé saka watu monolitik kang dhuwuré 3,70 m.[1] Jaman biyèn reca iki digunakaké kanggo lawang gerbang karajan Singhasari.[1]

Jeneng Dwarapala asalé saka basa Sansekerta kang nduwèni teges pengawal lawang gerbang.[2] Yèn miturut ajaran Saiva kang ana gandhèngcènèngé karo ajaran rong reca kang dadi panjaga lawang gerbang, tegesé reca Dwarapala kang cacahé loro manggon ana ing sisih kuloné Karajan Singhasari.[2] Ing ajaran Saiva, katulis Siva ing pucuk Kailasa kang digambaraké ing wujud Lingga.[2] Ana ing lawang gerbang sisih wétan, ana panjaga kang utama yaiku Ganesha utawa Ganapati.[2] Ing lawang gerbang sisih lor ana panjaga kang utama yaiku Bhathari Gori.[2] Ing lawang gerbang sisih kidul ana panjaga utama yaiku Resi Agastya.[2] Kang njaga sisih kulon yaiku Kala lan Amungkala.[2] Saéngga reca Dwarapala kang dianggep dadi lawang gerbang Singosari bisa dadi panggambaran tokoh panjaga lawang gerbang sisih kulon Siva yaiku Kala lan Amungkala.[2]

Wujud situs[sunting | sunting sumber]

Reca Dwarapala digawé saka watu monolitik kang dhuwuré 3,70 m.[1] Miturut panlitèn saka BP3 Trowulan, reca Dwarapala nduwèni ukuran gedhé, ngadeg nganggo sikil siji maju sajangkah.[1][2] Yèn sakliwatan, reca loro kang dadi panjaga lawang gerbang kuwi kaya padha, saéngga diarani raseksa kembar.[1][2] Nanging tata tangan kang mbédakaké.[1][2] Reca Dwarapala kang manggon ana ing sisih kidul, tangan kiwa manggon ing nduwuré dhengkul kiwa.[1][2] Tangan tengené nyekeli gada kang ditelungkupaké mara mengisor.[1][2] Reca Dwarapala kang manggon ana ing sisih lor, tangan kiwa nyekeli gada kang ditelungkupaké, tangan tengen kaya "ngèlingaké" kanthi driji tengah diacungké mara mendhuwur, sing telu liyané dirapetaké ing dlamakan.[1][2]

Atribut kang dianggo déning reca loro kuwi kaya seram lan atos.[1][2] Sirahé nganggo iket kang dihias nganggo tengkorak-tengkorakan.[1][2] Talingané nganggo anting wujud tengkorak kang nduwèni jeneng Kapala Kundala.[1][2] Hiasan bahu diarani Sarpa Keyura yaiku kelat bahu kang awujud ula.[1][2] Hiasan gelang diarani Bhujangga Valaya, wujudé uga kaya ula.[1][2] Hiasan tali bahu kang mengisor mara weteng diarani Yajnopavita yaiku tali kasta kang arupa ula gedhé.[1][2] Ing ndhuwur wetengé nganggo sabuk kang diarani Udarabandha.[1][2] Ing guluné nganggo kalung saka tengkorak kang diarani Kapala Hara.[1][2] Ing sikilé uga nganggo gelang saka ula, gelang kuwi diarani Bhujangga Nupura.[1][2]

Loro reca kuwi nggawa gada awujud Wajra.[1][2] Wajra yaiku lambang gludhug kang nduwèni kakuwatan gedhé.[1][2] Yèn dideleng, wangun gada saka raseksa ana bédané.[1][2]

Ing ngisoré reca raseksa nganggo kain sarung motif tengkorak.[1][2] Akèh hiasan-hiasan motif tengkorak kang dadi atribut-atribut reca Dwarapala kang dadi ciri langgam utawa gaya kasenian jaman karajan Singhasari kang adhedhasar agama Siva Budha aliran Tantra.[1][2]

Reco loro kuwi manggon ana ing sakiwa tengené dalan desa Candirenggo.[1][2]

Galeri[sunting | sunting sumber]

Deleng uga[sunting | sunting sumber]

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Reca Dwarapala ing Wikimedia Commons.


Cathetan sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y Budaya-Arca Dwarapala(diundhuh tanggal 6 Juni 2011)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac Budaya: Arca Dwarapala(diundhuh tanggal 13 Juni 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Reca_Dwarapala&oldid=830335"