Ratu Felisha
| Ratu Felisha | |
|---|---|
| Lair | 16 Oktober 1982 (umur 29) |
| Pagawéyan | Aktris Model |
| Taun aktif | 2001 - sapunika |
Ratu Felisha (lair 16 Oktober 1982; umur 29 taun). [1]Ratu Felisha iku salah sijiné modhèl lan pemain sinetron Indonésia. [1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Karir
Ratu Felisha kang biyasa diundang kanthi jeneng Feli, miwiti karire nalika Feli dadi modhél. [1] Sawisé dadi modhél, Feli banjur main dadi bintang sinetron. [1] Jeneng Feli wiwit dikenal nalika Feli nduwéni fose nakal kang dicithak ing majalah khusus wong lanang FHM. [1]Jenengé wiwit misuwur nalika Feli main sinetron lan dai bintang ing film kang judhulé Buruan Cium Gue. [1] Film iki akéh dikritik nalika taun 2004 amarga ménéhi tuladha kang élék tumprap para kawula mudha. [1] Malah nalika iku dai kondang Aa Gym mlésétaké judhul film iki kanthi judhul Buruan Zinahi Gue!.[2]
[sunting] Kasus
[sunting] Foto seksi
Wiwit karire kang sepisanan, Felisha asring kena kasus foto-foto seksi kang sumebar ing masyarakat.[1] Sasi Mei 2005, foto-foto setengah bugile dicithak ing salah sijiné koran kang ana ing Jakarta. [1] Feli nerangake yén foto-iku dijupuk nalika Feli lagi liburan karo kanca-kancané ing Dream Land, Bali.[3] Nalika taun 2006 Feli uga foto kanthi foto kang seksi. [1] Foto-foto iku akéh sumebar ing internet wiwitan tau 2006. [1] Pungkasané kecekel yem sing nyebar foto-foto iku jenengé Raditia, sepupu Felisha. [1] Raditia uga ana ing foto iku. [4] Wiwit taun 2006, Feli ngangkat anak kang jenengé Dasha Godiva..[5]
[sunting] Chatetan suku
- ↑ a b c d e f g h i j k l (id)artis-indonesia.net(dipunundhuh tanggal 17 Juli 2011)
- ↑ (id)BURUAN CIUM GUE!, Kendati Dikecam Malah Menyedot 200.000 + Penonton!(dipunundhuh tanggal 17 Juli 2011)
- ↑ (id)Ratu Felisha Berpose Telanjang?(dipunundhuh tanggal 17 Juli 2011)
- ↑ {{id}]Foto Ratu Felisha 'Dikerjai' di Internet(dipunundhuh tanggal 17 Juli 2011
- ↑ (id)Ratu Felisha, Rajin Bikin Susu Buat Sang Bayi(dipunundhuh tanggal 17 Juli 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.