Randeep Hooda

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Randeep Hooda
Lair Randeep Singh Hooda
20 Agustus 1976 (umur 35)
Daseya, Rohtak District, Haryana, India
Alma mater Rai School in Sonepat, Delhi Public School, Delhi University
Pakaryan Actor

Randeep Singh Hooda (Hindi: रणदीप सिंह हुड्डा, lair ning tanggal20 Agustus 1976 (umur 35)) dheweke kuwi aktor saka India.[1] Asma ibuné Asha Hooda kuwi pekerja sosial lan bapaké Dr. Ranbir Hooda kang dadi ahli bedah.[1] Nalika kuwi dheweké nembe ning umur 8 taun, dheweké sekolah ning sekolah asrama MNSS ning Rai, Sonepat, Haryana.[1] Dheweké kuwi sekolah ning Delhi Public School, R K Puram, New Delhi.[1] Dheweké kuwi anak kang bisa diomong nakal nalika esih sinau ning sekolah.[1]

Dheweké pindah maring Melbourne, Australia nalika taun 1995 kanggo ngeraih jenjang pendidikané kang luwih dhuwur.[1] Dheweké ngeraih gelar sarjanané ning bidang marketing lan ollih gelar Masteré ning bidang menejemen bisnis.[1] Sasuwené ning Australia, dheweké kerja cilik-cilikan ning restoran China, nyambut gawe ngumbah mobil, lan dadi pelayan sarta tau uga dadi sopir taksi nganti rong taun suwené.[1] Ning taun 2000, dheweké bali maneh maring India lan olih bebungah lan olih pagawean ning babagan marketing ning perusahaan penerbangan lan akting ning teater.[1]

Dheweké miwiti debuté ning film MONSOON WEDDING (2001), ning film kasebut, dheweké mainaké peran dadi wong asing, gudu saka India.[1] Taun 2008, dheweké olih peran utama ning film kang romantis, judulé RU-BA-RU.[1] Taun 2010, dheweké mainaké peran ning film kang judulé ONCE UPON A TIME IN MUMBAAI.[1]

Tuan 2011, Randeep Hooda mlebu nominasi peran polisi paling apik ning ApunKaChoice amarga Perané ning film kang judulé ONCE UPON A TIME IN MUMBAAI.[2] Nominasi liyané yaiku, Ajay Devgan ning film SINGHAM, Abhishek Bachchan ning film DUM MAARO DUM, Salman Khan ning film DABANGG, Vikram ning film RAAVAN lan Rajeev Khandelwal ning film SHAITAN.[2] Ananging, polling kang ngelibataké 2003 wong kuwi netapaké Salman Khan dadi polisi paling apik ning filmé kang judulé DABANGG.[2]

[sunting] Film

Film -film kang dibintangi dening Randeep Hooda[1]:

  • 2001 MONSOON WEDDING
  • 2005 D
  • 2006 DARNA ZAROORI HAI
  • 2007 RISK
  • 2008RU BA RU
  • 2008 RANG RASIYA
  • 2009 MERE KHWABON MEIN JO AAYE
  • 2009 LOVE KHICHDI
  • 2010 ONCE UPON A TIME IN MUMBAAI

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h i j k l m (id)biografi Randeep Hooda dipununduh tanggal 25 Agustus 2011
  2. a b c (id)berita Randeep Hooda dipununduh tanggal 25 Agustus 2011
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Randeep_Hooda&oldid=658711"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès