Ralf Schumacher
| Ralf Schumacher | |
|---|---|
Ralf Schumacher ing taun 2005 |
|
| Lair | 30 Juni 1975 (umur 37) |
| Sejarah karier dalam ajang Formula Satu | |
| Kewarganegaraan | |
| Taun aktif | Cithakan:F1–Cithakan:F1 |
| Tim | Jordan, Williams, Toyota |
| Jumlah lomba | 182 (180 start) |
| Juara dunya | 0 |
| Menang | 6 |
| Podium | 27 |
| Total poin | 329 |
| Posisi pole | 6 |
| Lap tercepat | 8 |
| Balapan Kapisanan | Grand Prix Australia 1997 |
| Menang Kapisanan | Grand Prix San Marino 2001 |
| Menang Pungkasan | Grand Prix Perancis 2003 |
| Balapan Pungkasan | Grand Prix Brasil 2007 |
Ralf Schumacher (utawi Ralfie) (lair ing Hurth-Hermuhlheim, Kerpen, Jerman, 30 Juni 1975; umur 37 taun) inggih menika salah satunggalipun pembalap mobil profesional saking Jerman.[1] Ralf menika rayinipun Michael Schumacher. Ralf nate ndherek parlomban F1 ing musim 1997 ngantos 2007.[1] Ralf sampun angsal juara balap cacahipun 6 balapan, kanthi 180 ndherek start lan 27 minggah podium.[1] Wiwit taun 2008 Ralf dados pembalap ing ajang Deutsche Tourenwagen Masters (DTM) kaliyan tim Mercedes-Benz.[1]
Bab lan Paragraf |
Profil [sunting]
Saderengipun Formula 1 [sunting]
Ralf nggadhahi minat ingkang ageng dados pembalap wiwit alitipun, nalika Ralf nyobi mobil karting nalika umuripun taksih alit.[2] Ralf miwiti karieripun ing Formula 3 nalika taun 1994 kaliyan tim WTS Racing, ingkang dipunmanejeri dening kangmasipun, Willi Weber.[2] Ralf angsal juwara ingkang pisanan kaliyan tim menika ing taun pungkasanipun taun 1994, sekaliyan mlebet klasemen pembalap urutan kaping tiga, ing wingkingipun Jorg Muller lan Alexander Wurz.[2]> Musim ingkang kaping kalihipun, nalika Ralf saingan kaliyan sainganipun ingkang paling abot Norberto Fontana.[2] Taun 1996 Falf ndherek lomba Formula 3000, lan angsal 3 kamenangan lan ngrebut juwara ing pungakasanipun musim.[2]
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
Pranala njawi [sunting]
- (en) Situs resmi
- (en) Page panggemar Ralf Schumacher