Rakhi Sawant
| Rakhi Sawant | |
|---|---|
| Lair | Neeru Sawant 25 November 1978 (umur 34) Badarpur |
| Pakaryan | Dancer, Actress |
Rakhi Sawant (राखी सावंत) lair tanggal 25 November 1978 (umur 34). Dheweke kuwi aktris saka India.[1] Dheweké anak saka pasangan Jaya Bagdi lan Sawant, polisi ing Kantor Polisi Worli.[1] Sawant mbiyené sekolah ing SMA Golklibai ing Ville Parle, Mumbai kang nuli nerusaké sekolahé ing Mithibai College.[1] Dheweké kuwi sadhulur enimé sutradara Rakesh Sawant lan aktris Usha Sawant.[1]
Sasuwené sekolah ing SMP, dheweké ditawani njupuk bageyan ing pertunjukkan tarian ing film JORU KA GHULAM.[1] Nuli dheweké olih kawigaten luwih ing film CHURA LIYAA HAI TUMNE. Ing film kasebut dheweké nampilaké Mohabbat hai mirchi.[1] Dheweké uga metu ing film-film liyané, kaya MAIN HOON lan DIL BOLE HADIPPA![1]
Sadhurungé dheweké tau njalin sesambungan karo Abhishek Avasthi lan njupuk bageyan ing film kang judulé NACH BALIYE 3.[1] Nalika Juni 2006, Mikha Singh, yakuwi musisi, konangan ngambung dheweké ing acara ulang tauné kang pungkasané dadi omongan ing media.[1] Nalika taun 2010, Sawant ngluncuraké acara reality showné Rakhi Ka Swayamwar. Ing acara kasebut, dheweké ngrencanaké seleksi calon garwané ing mangsa ngarep.[1]
Ing taun 2011, dheweké kang seneng karo Baba Ramdev, mutusaké kanggo ngundhang ing acarané.[2] Dheweké seneng lan anduweni cita-cita ngawini Baba Ramdev[2] amarga Baba anduweni weteng kang rata lan fisiké kang apik.[2] Amarga omongané kasebut, dheweké dikira guyonan karo publik.[2]
Film lan Serial TV [sunting]
Kang tau dibintangi dening Rakhi Sawant[1]:
- 1999 DIL KA SAUDA
- 1999 JORU KA GHULAM
- 1999 KURUKSHETRA
- 2000 JIS DESH MEIN GANGA REHTA HAIN
- 2001 EHSAAS: THE FEELING
- 2002 NA TUM JAANO NA HUM
- 2003 CHURA LIYAA HAI
- 2004 GAMBEERAM
- 2004 PAISA VASOOL
- 2004 MASTI
- 2004 MAIN HOON NA
- 2004 7 CHYA AAT GHARAT (MARATHI)
- 2005 MUMBAI EXPRESS
- 2005 KHAMOSHH... KHAUFF KI RAAT
- 2005 EK KHILADI EK HASEENA
- 2006 MALAMAAL WEEKLY DAN BIGG BOSS
- 2007 SHOOTOUT AT LOKHANDWALA
- 2007 JOURNEY BOMBAY TO GOA: LAUGHTER UNLIMITED
- 2007NACH BALIYE 3
- 2007 BUDDHA MAR GAYA
- 2008 1920, GUMNAAM: THE MYSTERY
- 2008 10 KA DUM
- 2008 KRAZZY 4
- 2009 MAREGA SALAA
- 2009 MUTTHIRAI
- 2009 DIL BOLE HADIPPA!
- 2009 RAKHI KA SWAYAMWAR
- 2009 PATI
- 2010 ZARA NACHKE DIKHA
- 2010 RAKHI KA INSAAF